Waosan: 2 Para Raja 18 : 19 – 25 | Pamuji: KPJ. 131 : 1 – 2
Nats: “Lah sira ngendelake teken pring kang pepes tumelung, yaiku Mesir, kang bakal njojoh nganti tembus tangane wong kang tekenen iku. Kaya mangkono iku Pringon ratu ing Mesir, tumrap sakehing wong kang padha ngendelake dheweke.” (Ayat 21)
Kita sedaya tamtu nate nggadahi pengalaman senden kangge ngaso sak sampunipun nyambut damel. Senden punika saged migunani kangge tiyang ingkang sayah, ananging pados papan kangge senden punika kedah ngati-ati. Karana bilih sendenan kita sampun gapuk tamtu saged dadosaken kita nggeblak, mboten ngilangi kesel malah dadosaken kacilakan.
Waosan kita dinten punika nyariosaken pangancam saking Asyur dhateng Yehuda, supados purun ngawula dados jajahanipun bangsa Asyur. Nalika semanten bangsa Asyur satunggaling bangsa ingkang kiyat, sami kiyatipun kados dene bangsa Babel. Bangsa Yehuda dipun suwun nyerah kemawon tinimbang rakyatipun dados kurban. Utusan saking Asyur ingkang dipun wakili dening juru anggur ngungkapaken bilih Yehuda punika pados sendenan ingkang lepat, karana sendenan punika sampun gapuk lan saged nyilakani. Mesir ingkang dipun dadosaken rencang supados saged mbiyantu bangsa Yehuda, nalika semanten taksih kalah kiyat wadya balanipun dibandingaken bangsa Asyur. Kejawi niku, Mesir satungaling bangsa ingkang sami nyembah brahala, ingkang dadosaken kuciwanipun Gusti Allah. Pangancam saking Asyur punika dadosaken Ratu Yehuda ajrih lan badhe nyerah kemawon, nanging Gusti Allah mboten ngaparengaken umat kinasihipun dawah ing panandhang. Tanpa kanyana-nyana bangsa Asyur dipun serang dening bangsa Persia lan kawon ing papan peperangan. Sanajan tanpa perang bangsa Yehuda kaslametaken, punika karana karsanipun Gusti Allah piyambak.
Gesang kita ugi asring ngadepi prekawis-prekawis ingkang dadosaken kita sumelang lan kuatir, sae karana ekonomi, sesakit, utawi prekawis-prekawis sanesipun. Punika dadosaken kita ajrih lan kuatir, lajeng kita ngupadhi pitulungan. Kuciwanipun margi ingkang kita tempuh punika margi ingkang lepat, ngupadhi pitulungan sanes dhumateng Allah. Contonipun ngandelaken jimat-jimat ingkang dipun pitados nggadhahi kekiyatan lan saged nulungi kita. Mangga dipun galih, bilih ngandelaken jimat-jimat punika punapa leres? Sampun ngantos kita malah kesasar. Ing jagad punika namung Gusti Allah kemawon ingkang saged paring pitulungan, mangga kita namung pitados dhumateng Gusti Allah ingkang tansah ngrancang gesang ingkang sae kangge kita umatipun. Amin. [DKR].
“Omah suwung ojo dileboni, nyuwun tulung namung ing Gusti”