Identitas Ingkang Urip, Sanes Namung Label Pancaran Air Hidup 29 Oktober 2026

29 October 2026

Waosan: Rum 2 : 17 – 29  |  Pamuji: KPJ. 350
Nats: “banjur kapriye mungguhing kowe kang mulang wong liya, apa kowe ora mulang awakmu dhewe? Kowe kang mulang: ‘Aja nyolong’, yagene kowe dhewe kok nyolong?” (Ayat 21)

Wulan budaya tansah ndadosaken swasana endah. Kita saged nyawang busana adat, mirengaken basa daerah, lan ngraosaken nilai-nilai luhur, kados pakurmatan, rukun, saha tepa selira. Kita sami gumunggung lan pancen prayogi menawi kita gumunggung ing bab kabudayan kita. Nanging Sabdanipun Gusti dinten punika kados pangilon wonten ing ngajeng kita. Rasul Paulus ngandika: wonten tiyang ingkang gumunggung kaliyan identitasipun, rumaos mangertos karsanipun Gusti, malah mulang tiyang sanes, nanging gesangipun mboten selaras. Ing ngriki kita dipun ajak mawas dhiri: punapa kita ugi mekaten? Gumunggung kaliyan identitas nanging kesupen nindhakaken.

Paulus mboten nglarang raos gumunggung. Ingkang dipun tegur inggih punika tumindak ingkang benten antawis ingkang dipun akeni kaliyan ingkang dipun lampahi. Menawi kita pendhet saking konteks gesang kita: kita gumunggung dados tiyang ingkang gadhah budaya, kita mangertos nilai-nilai kabecikan, malah saged kita wulangaken punika dhateng tiyang sanes. Nanging pitakenipun: “Punapa punika nyata wonten ing gesang kita? Punapa paedahipun ngendika alus, nanging manah kita kebak duka? Punapa paedahipun njunjung pakurmatan, nanging gampil ngremehaken tiyang sanes? Punapa paedahipun mucal kabecikan, nanging mboten dipun lampahi?” Ing ngriki budaya dipun uji. Amargi budaya mboten namung simbol, budaya punika cara gesang. Lan iman Kristen mboten ngicalaken budaya, nanging malah ngraos-raosaken lan nindhakaken ingkang sae. Nilai kados andhap asor, tepa selira, rukun dados nyata nalika kita temen-temen gesang wonten ing katresnan, kajujuran, saha andhap asor. Mila wulan budaya punika mboten namung pahargyan kemawon nanging ugi nyatunggilaken iman kaliyan gesang kita saben dinten.

Sabda Gusti dinten punika ngundang kita supados obah: saking label tumuju gesang, saking gumunggung tumuju paseksi. Sanes namung “kita punika sinten,” nanging “kados pundi kita gesang.” Ing wulan budaya punika, sumangga kita mboten namung ngagem budaya, nanging ngraosaken lan nindhakaken kanthi sae. Sumangga kita gesang dados tiyang ingkang imanipun nyata, jujur, andhap asor, lan kebak katresnan. Supados nalika tiyang sanes nyawang kita, mboten namung nyawang identitas kita, nanging ugi mirsani Gusti Allah ingkang gesang wonten kita. Amin. [dvd].

“Ajining diri mboten saking label ingkang dipun sandhang, nanging saking gesang ingkang jujur lan kebak katresnan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak