Iman Satengahing Pasulayan Pancaran Air Hidup 15 Agustus 2022

15 August 2022

Waosan: Yeremia 23 : 30 – 40 ǀ Pamuji: KPJ. 338
Nats:Satemene Ingsun bakal nglawan para nabi kang ngempakake ilate kanthi sawenang-wenang kanggo ngandharake pangandikaning Allah.” (Ayat 31)

Konteks waosan punika nyariosaken prajanjinipun Gusti Allah, bilih bangsa Israel badhe kapulihaken saking panindesipun bangsa-bangsa sanes. Prajanji punika awujud titahipun Allah ingkang badhe nuwuhaken Trubusane Dawud kang adil, ingkang badhe jumeneng minangka raja kang wicaksana lan tumindak adil tuwin bener wonten ing nagara. Umatipun Allah badhe gesang sarwa tentrem raharja. Prasetyanipun Allah ingkang kados makaten mbuktekaken bilih Panjenenganipun mboten kukuh ing patrap murka kang nggegirisi ananging ngatingalaken katresnanipun ingkang langkung ageng, ugi kasetyanipun anggen paring pangrimatan dhumateng umat kinasih. 

Ing satengahing gesang tumuju prasetyanipun Allah mawujud, Panjenenganipun ugi medar piwucal bilih kapracayan ingkang leres kasebat iman, kedah tetep dados prekawis ingkang utami kanggenipun umat. Bab iman mboten saged dipun tawar. Iman ingkang leres inggih punika pitados dhumateng Gusti Allah Israel ingkang sampun nuntun bangsa Israel medal saking Mesir, sarta nyariosaken SabdaNipun kanthi leres, mboten dipun wolak-walik. Lajeng purun mujudaken SabdaNipun Allah punika lumantar gesang suci, boten cacad. Gusti Allah saestu nglawan sintena kemawon ingkang nerak angger-anggerIpun. Umat kedah nggadahi iman kados makaten sadangunipun gesang minangka dasaring gesang. Dasar sedaya prekawis, dasar sedaya tumindak lan pakaryan ing gesang padintenan.  

Greja Kristen Jawi Wetan minangka salah satunggiling patunggilan para pitados ing Jawa Timur tamtunipun ugi sami ngraosaken/ nampi prasetyaning Allah punika. Kita dipun timbali sami makarya sangkul sinangkul ing bot repoting pasamuan mujudaken gesang enggal tentrem raharja, kados dene prasetyanipun Gusti Allah. Wujudipun kita dherek makarya ing pasamuan saged arupi misungsungaken arta, wekdal, pamikiran, tenaga lan sanesipun. Ing satengahing bot repot dherek makarya majengaken patunggilan, mugi kita mboten kecalan iman dhumateng Allah. Kita sansaya semangat lan sukabingah makarya kagem Gusti, mbangun pasamuanipun Gusti. Amin. [ES].

“Sansaya kuat anggen gondelan kang bener lan becik, sansaya mardika anggen benar-bener urip” (Ravie Zachaias)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak