Waosan: Purwaning Dumadi 13 : 1 – 18 ǀ Pamuji: KPJ. 346a : 1, 2
Nats: “Sira mangkata, ndlajahana tanah iku nurut alang lan ujure, awitdene iku bakal Sunparingake marang sira.” (Ayat 17)
Berkah lan tanggel jawab punika mujudaken satunggal prekawis ingkang boten saged kapisah. Nampi berkah ateges ugi nampi tanggel jawab ingkang boten gampil. Makaten ugi ingkang dipun tampi dening Abram. Gusti Allah paring prajanji dhumateng Abram bilih tedhak turunipun badhe dados bangsa ingkang ageng, Gusti Allah badhe ndadosaken asmanipun Abram misuwur. Gusti Allah mberkahi Abram lan tedhak turunipun. Amargi Allah mberkahi, pramila Abram nggadhahi tanggel jawab dhumateng bangsa-bangsa sanesipun. Punapa tanggel jawab punika? Kaserat ing Purwaning Dumadi 12:3, “… sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.” Punapa ingkang dados rancanganipun Gusti, Abram lan tedhak turunipun boten namung ngraosaken berkah-berkahipun Gusti Allah, nanging ugi kedah dados berkah kangge bangsa-bangsa sanesipun. Saestu punika tanggel jawab ingkang awrat.
Salebeting mujudaken tanggel jawab ingkang awrat punika Rama Abram boten nyambut damel piyambak, lan tamtunipun boten saged piyambak. Kasebat ing ayat 1, “Rama Abram banjur tindak saka ing tanah Mesir dalah kang garwa lan sabarang kagungane kabeh, kondur menyang Tanah Negeb sarta Lut iya ndherek.” Minangka brayat lan sedaya kagunganipun boten wonten ingkang kendel ing Mesir. Sedaya sami nyengkuyung punapa ingkang kedah dipun lampahi Rama Abram, minangka rancanganipun Gusti Allah, sanadyan ugi kacariosaken bilih ing salebeting lelampahan pakaryan punika nemahi pasulayan kaliyan Lut.
Brayat Kristen wujuding patunggilan ingkang paling alit ing satengahing masyarakat, dados patunggilan gesang antawisipun bapa, ibu lan para putra/ putri, ingkang sami pitados lan nampi Gusti Yesus dados juru wilujeng. Waosan wekdal punika paring pengemut dhumateng kita sami minangka brayat Kristen, bilih kita punika sampun nampi berkah ingkang matumpa-tumpa ing gesang padintenan. Pramila kita sedaya ugi nggadhahi tanggel jawab dados talanging berkah kangge liyan. Wonten ngarsanipun Gusti mboten wonten ingkang ketriwal, sami anggenipun nampi berkah karahayon, ugi sami nampi tanggel jawab dados talanging berkah. Nindakaken pakaryan dados talang berkah kangge liyan punika awrat, nanging menawi kita tindakaken mawi prinsip ‘sangkul sinangkul ing bot repot’ tamtunipun saged dados enteng lan malahan langkung kathah tiyang sanes ingkang badhe nampi berkah. Amin. [ES].
“Nalika fokus dadi berkah, Gusti bakal nemtokake sedherek nampi kaluberan berkah”