Brahala Jaman Punika Pancaran Air Hidup 17 Juni 2022

17 June 2022

Waosan: Yesaya 57 : 1 – 13 ǀ Pamuji: KPJ. 109 : 1, 2
Nats:
“Nanging wong kang ngayom marang Ingsun bakal tampa warisan bumi lan bakal ndarbeni gunungingSun kang suci.” (Ayat 13b).

Bilih kita gatosaken kawontenan jaman sapunika, saged kita wastani jaman punika jaman internet. Wonton sae lan awonipun, saenipun tiyang jaman punika saged nindakaken sadaya pakaryanipun langkung gampil lan cepet. Sadaya barang kabetahan saged dipun tumbas sacara online. Mbayar asuransi, kredit, pajak saged dipun bayar kanthi cepet lan boten perlu antri. Kangge pados informasi, ilmu pengetahuan sadaya saged dipun panggihaken sacara jangkep lantaran wonten internet. Awonipun, wiwit saking anak ngantos tiyang sepuh kecanduan HP, tiyang langkung individualis lan egois, tiyang boten saged nyaring pundi ingkang sae lan pundi ingkang awon. Saged ugi internet punika sampun dados brahala jaman punika. Awit katah wekdal kita telas namung kangge internetan tinimbang wekdal kagem Gusti, kangge dedonga dan ngabekti dhumateng Gusti Allah.

Nabi Yesaya dipun utus Gusti Allah kangge ngengetaken para pangarsaning bangsa Israel ingkang namung mikiraken gesangipun piyambak. Para pangarsa punika boten peduli dhateng pasambating umat ingkang nandhang sangsara. Langkung malih para pangarsa punika nyembah bekti dhateng brahala, kados nyembah dhateng Baal lan Asytoret, nindakaken “pelacuran bakti”, ngabekti dhateng dewa Molokh, sarta arwahipun tiyang mati. Para pangarsa punika ngrumaosi bilih piyambakipun punika kiyat lan sampun tumindak sae. Piyambakipun boten rumaos bilih tumindakipun punika tebih saking karsanipun Gusti lan dadosaken paukuman saking Gusti dhateng piyambakipun. Pramila Yesaya dipun utus ngengetaken supados para pangarsa Israel punika mratobat. Kangge tiyang ingkang purun mratobat, Gusti Allah badhe paring sih rahmat lan pangapura.

Kangge kita ingkang gesang jaman punika, mangga kita sami sadar ing bab punapa kemawon ingkang dadosaken kita tebih saking Gusti? Bilih sapunika wekdal kita namung kangge mentingaken kabetahan kita piyambak, langkung katah wekdal kita kangge internetan, mangga sapunika kita enget Gusti Allah. Sampun ngantos internet dados brahala, ingkang nebihaken kita kaliyan Gusti. Kita kedah tetep ngupaya ngabekti dhumateng Gusti. Kita kedah nyawisaken wekdal kangge dedonga lan mirengaken Sabdaning Gusti, sampun ngantos kita dawah ing dosa karana namembah dhateng brahala jaman punika. Amin. [AR].

“Manah ingkang rumaket kaliyan Gusti Allah dadosaken ayem lan tentreming gesang.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak