Waosan: Lelakone Para Rasul 26 : 19 – 29 ǀ Pamuji: KPJ. 201 : 1, 2
Nats: “… inggih punika, bilih Sang Mesih kedah nandhang sangsara saha bilih Panjenenganipun punika ingkang rumiyin piyambak badhe wungu saking antawisipun tiyang pejah, saha bilih Panjenenganipun badhe martosaken bab pepadhang dhateng bangsa punika saha dhateng bangsa-bangsa sanes.” (Ayat 23)
Dodos seksi ing pengadilan punika boten gampil, karana kita kedah nyariosaken kedadosan ingkang kelampahan kanthi jujur, boten dipun tambahi lan boten dipun kirangi. Karana punika kathah tiyang ingkang boten wantun dados seksi ing pengadilan, awit bilih salah atur paseksi malah piyambakipun ingkang nampi paukuman. Sejatosipun dados seksi punika boten namung ing papan pengadilan kemawon, nanging ugi ing satengah-tengahing gesang kita sadinten-dinten. Kita saged nyekseni bab pakaryan lan berkahipun Gusti dhateng kita. Kita ugi saged nyariosaken kamirahan lan kaluhuranipun Gusti Allah dhateng sesami kita.
Waosan kita dinten punika nyariosaken bab paseksinipun Paulus dhumateng Prabu Agripa. Paulus nyariosaken kados pundi anggenipun Gusti Yesus nimbali piyambakipun. Paulus ingkang waunipun tiyang ingkang asring nganiaya para panderekipun Gusti Yesus, sapunika mratobat lan dipun agem Gusti Allah kagem martosaken Injilipun Gusti. Ing nats kita nyebataken paseksinipun Paulus, “Sang Mesih kedah nandhang sangsara saha bilih Panjenenganipun punika ingkang rumiyin piyambak badhe wungu saking antawisipun tiyang pejah, saha bilih Panjenenganipun badhe martosaken bab pepadhang dhateng bangsa punika saha dhateng bangsa-bangsa sanes.” (Ay. 23). Ing pangajeng-ajeng lan pandonganipun Paulus, Prabu Agripa lan para tiyang ingkang sami mirengaken paseksinipun punika saged pitados dhumateng Gusti Yesus lan dados pandherekipun Gusti Yesus.
Ing wulan Kesaksian lan Pelayanan punika, kita ugi dipun timbali Gusti kados Paulus, dados seksinipun ingkang tansah nyekseni lan nyariosaken bab pakaryan lan sih rahmating Gusti Allah dhateng sesami kita. Sampun ngantos kita ajrih lan kuwatos bab punapa ingkang dados paseksi kita, karana Sang Roh Suci tansah nunggil lan paring kasagedan dhateng kita. Mangga kita wiwiti paseksi kita saking prakawis ingkang limrah, inggih punika pitutur lan pangucap kita ingkang tansah kebak saos sokur lan ngluhuraken asmanipun Gusti. Kita tansah setya ngabekti lan rumaket dhumateng Gusti. Kita mbangun paseduluran kaliyan sedherek sanesipun kanthi rukun. Sarana punika kita tansah ngegungaken kamulyaning Gusti, sarta saged dados paseksi ingkang sayekti. Amin. [AR].
“Sang Roh Suci nuntun kita dados paseksinipun Gusti ingkang sayekti.”