Rondha Pancaran Air Hidup 1 Juni 2022

1 June 2022

Waosan: Yehezkiel 3 : 12 – 21 ǀ Pamuji: KPJ. 269 : 1 – 5
Nats:
“He, anaking manungsa, sira wus Suntetepake dadi panjaganing turune Israel. Manawa sira krungu pangandikaningSun, wong-wong iku padha sira elingna awit saka asmaningSun.” (Ayat 17).

Kawontenan tahun 1996-1998 saged kasebat nggegirisi tumrap greja-greja ing tlatah Jawi Wetan utaminipun kitha Surabaya. Kula lan rencang-rencang pemuda sami krenteg njagi greja saben wengi (rondha). Sanadyan bilih saestu dados kasunyatan greja punika dipun gropyok lan dipun obong tiyang-tiyang ingkang boten cetha saking pundi paranipun, para pemuda punika namung saged pasrah. Rondha bengi punika saged ngemu suraos sae sanesipun, inggih punika para pemuda saged srawung langkung jero cecaturanipun. Rondha bengi punika njagi kawontenan supados boten wonten prakawis awon ingkang kalampahan ing panggenan kita.  

Njagi ingkang sae kemawon ingkang kedah kelampahan, punika ugi dados timbalanipun Yehezkiel tumrap bangsa Israel. Katresnanipun Gusti Allah tumrap bangsa Israel punika ageng sanget. Sanadyan bangsa Israel wongsal-wangsul nindhakaken prakawis awon ing pangrehipun, nanging Gusti Allah netepi katresnanipun sarana ngutus Yehezkiel dados panjaganing turunipun Israel. Gusti Allah maringi pamomot dhateng Yehezkiel ingkang awrat. Bilih boten ngengetaken bangsa Israel ingkang lepat tumindakipun, Yehezkiel badhe dipun suwun tanggeljawabipun. Menawi tiyang Israel ingkang ala tumindakipun sampun dipun engetaken Yehezkiel, lan tetap tumindak ala, Yehezkiel boten badhe dipun suwun tanggel jawabipun. Tujuanipun inggih punika supados bangsa Israel lestari gesangipun.

Mekaten ugi kangge sadaya umat manungsa, katresnanipun Gusti Allah punika ageng sanget. Panjenenganipun kersa ngutus putranipun ontang-anting inggih punika Gusti Yesus, seda sinalib ngrembat dosanipun manungsa. Tujuanipun sami, supados sinten kemawon ingkang pitados boten manggih karisakan, nanging nggadhahi gesang langgeng. Menawi kala semanten, Yehezkiel ingkang ngrondha tumindakipun bangsa Israel. Lajeng sinten ingkang ngrondha gesang kita samangke? Gusti Yesus sampun ngicalaken paukuman kangge kita ingkang nindakaken dosa lan kalepatan, namung ngakeni lan mratobat saking tumindak ingkang ala kemawon, dhiri kita piyambak saged njagi gesang kita piyambak. Kadosdene Yehezkiel njagi turunipun Israel. Sansaya kita tumemen anggen kita mratobat saking sadaya panerak ingkang kita lampahi ing gesang kita, sansaya kita nebihi karisakan lan nggadhahi gesang langgeng ing kratonipun Allah. Amin. [tes].

“Rahayu tiyang ingkang tansah saged ngrondha dirinipun saking tumindak ala.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak