Ayo Sregep Maca Kitab Suci Pancaran Air Hidup 25 Mei 2022

25 May 2022

Waosan: 2 Babad 34 : 20 – 33 ǀ Pamuji: KPJ. 194 : 1, 2
Nats:Padha mangkata, ingsun padha suwunna pitedah marang Pangeran Yehuwah, kanggo para kang isih kari ana ing Yehuda, bab sabdaning kitab kang katemu iki, …(Ayat 21).

Wonten salah satunggaling unen-unen ingkang kaserat mekaten: “Sansaya kepenak golek-golekane, malah sansaya ora ana sing nggoleki lan ora ana regane.” Unen-unen punika saged dipun ginakaken kangge paring gegambaran tumrap kawontenan gesangipun manungsa ingkang asring ngremehaken bab-bab ingkang saged dipun panggihi kanthi gampil. Bilih panjenengan emut, nalika taksih usum watu akik rikala semanten. Nalika taksih sekedhik tiyang ingkang pados lan ngolah watu akik punika, reginipun inggih awis sanget. Ananging nalika sampun kathah tiyang ingkang sami pados, ugi kathah tiyang ingkang saged ngolah, kawontenan watu akik punika sansaya mirah, malah mboten wonten reginipun babar pisan. 

Kawontenan punika sekedhik kathah sami kaliyan tumindhakipun umat pitados tumrap kawontenan Kitab Suci. Nalika Kitab Suci punika taksih ewed dipun panggihi karana taksih dereng kathah mesin kangge nyetak, punapa malih taksih dereng kajarwakaken dhateng basa-basa sanes, kathah tiyang ingkang sami madosi lan kepengen sanget maos isinipun. Ananging sak sampunipun Kitab Suci punika saged dipun panggihi ing pundi-pundi papan, malah sakmangke sampun saged lumebed dados aplikasi wonten HP kita sami, malah ndadosaken Kitab Suci punika mboten “suci” malih. Krentegipun umat pitados kangge purun maos, sinau, lan kanthi estu nindhakaken sadaya isinipun, sekedhik kathah ugi sansaya kirang (mugi-mugi mawon kula lepat).

Bilih kita gesang ing satengah-tengahing bangsa Israel ing rikala semanten ingkang nate kecalan Kitab Toret, tamtunipun kita inggih saged ngraosaken bingahipun bangsa Israel nalika saged manggihaken malih Kitab Toret punika. Saestu ageng sanget kabingahanipun bangsa Israel, lumantar Imam Agung Hilkia saged manggihaken Kitab Toret ingkang sampun dangu ical saking antawisipun. Kabingahan ingkang dipun raosaken punika dipun isi kaliyan pangajak mratobat sesarengan satunggal bangsa (ayat 31-32). Pramila, sinau saking kawontenan bangsa Israel punika, sumangga kita tansah sregep maos Kitab Suci, ngraos-ngraosaken dhawuh Pangandikanipun Gusti lan ugi purun nindhakaken ing gesang kita padintenan. Amin. [YEP].

 “Kitab Suci saged dados pepadhanging margi tumuju Swarga.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak