Kiyat Ngadepi Kasangsaran Pancaran Air Hidup 3 Maret 2022

3 March 2022

Waosan: Pangentasan 5: 10 24| Pamuji: KPJ. 146:1,2
Nats:
… Ing samengko sira bakal sumurup, apa kang bakal Suntandukake marang Pringon; anggone bakal nglilani lunga bangsa iki sarana dipeksa ing asta kang rosa, iya marga saka dipeksa dening asta kang rosa, dheweke bakal nundhung bangsa iku saka ing nagarane.” (Ayat 24).

Para karyawan utawi pegawai kantoran punika limrahipun nyambul damel sedinten antawis 8 jam, wiwit jam 8 enjing ngantos jam 4 sonten. Bilih langkung saking 8 jam punika kaetang lembur. Kahanan punika nedahaken bilih kakiyatan manungsa punika winates, boten kados robot utawi mesin ingkang saged dipun printah makarya sedinten sedalu. Mila manungsa mbetahaken istirahat saksampunipun nyambul damel sedinten muput. 

Salebeting bangsa Israel wonten ing Mesir, gesangipun saestu nandhang kaprihatosan. Kathah kasangsaran ingkang dipun alami saben dintenipun. Kacariyosaken Musa lan Harun nyuwun ijin dhateng Sang Pringon supados bangsa Israel ngabekti dhumateng Gusti Allah. Prekawis punika dadosaken Sang Prigon duka lan mboten marengaken bangsa Isarel ngabekti dhumateng Gusti Allah. Sang Prigon malah maringi pendamelan tambahan ingkang langkung awrat. Ing ayat 11 kasebataken, “Sira padha goleka damen dhewe, ngendi saolehe, ewadene setoranira ora kena kurang!” Saking prekawis punika, gesangipun bangsa Israel langkung rekaos. Musa lan Harun dipun tuduh bangsa Israel dados penyebabipun bangsa Isarel nampi pandamelan ingkang langkung awrat saking Sang Prigon. Musa lan Harus dipun wastani mboten saged maringi pitulungan malah nambahi kasangsaraning bangsa Israel. Ningali kawontenan ingkang kados punika, Musa rumaos sedih lan nyuwun pitulunganipun dhumateng Gusti Allah. Gusti Allah saestu mirsani kasangsaranipun bangsa Israel punika, lajeng ngandika dhateng Musa bilih Sang Prabu Pringon badhe nampi punapa ingkang sakmestinipun. Punika nedahaken bilih Gusti Allah punika peduli kaliyan kasangsaranipun Bangsa Israel. Punapa ingkang dipun alami dening Musa lan bangsa Israel punika mboten pungkasaning pakaryaning Gusti, nanging wiwitan Gusti Allah maringaken kawilujengan lan kasaenan ing gesangipun bangsa Israel.

Wonten ing gesang pandintenan, kita asring ngalami prekawis gesang kados bangsa Israel punika. Sedaya karaosaken mboten saged rampung, sedaya ketingal langkung rekaos, punapa malih ing mangsa pageblug Covid punika. Karana punika sumangga kita sumendhe ing Gusti. Kita nyuwun kakiyatan saha pitulungan dhumeteng Gusti, awit kita pitados bilih Gusti tansah paring kakiyatan lan kasagedan kangge kita. Amin. [GRA].

Gusti Yesus punika sumbering kakiyatan lan kasagedan kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak