Timbalanipun Gusti Pancaran Air Hidup 1 Maret 2022

1 March 2022

Waosan: Lelakone Para Rasul 10: 23b 33 | Pamuji: KPJ. 445
Nats:
“Inggih punika sababipun kula lajeng mboten kawratan mriki.” (Ayat 29a)

Ing paguyuban mahasiswa Teologi Duta Wacana Yogyakarta wonten satunggal tradisi ingkang dipun cariyosaken para mahasiswa teologi senior tumrap para calon mahasiswa ingkang badhe lumebet ing tes wawancara. Para mahasiswa teologi senior punika paring piwucal tumrap para calon mahasiswa, bilih mangke nampi pitakenan saking dosen bab Kenging punapa sampeyan kepingin sekolah Teologi?” Pitakenan punika mboten saged dipun wangsuli, Timbalanipun Gusti. Awit nalika dipun wangsuli mekaten, dosen punika badhe paring pitakenan malih, “Karo cara apa anggone Gusti nimbali sampeyan? Liwat surat, email, apa sms?”. Pramila nalika nampi pitakenan kados mekaten kedah dipun wangsuli saklintunipun timbalanipun Gusti.

Sejatosipun kados pundi ta timbalanipun Gusti punika? Lumantar punapa kemawon Gusti nimbali para umat kagunganipun? Tamtu anggen Gusti nimbali kita supados kita purun dados abdinipun lan ndherek lelados kanthi mawarni-warni cara. Kados ingkang kalampahan dening Simon Petrus, ingkang nampi timbalanipun Gusti supados piyambakipun manggihi Kornelius. Gusti Allah nimbali Petrus lumantar Sang Roh Suci ingkang tumedhak lan paring sabda (Ay. 19-20). Kornelius ngutus para abdinipun supados saged mapak Petrus. Petrus ingkang gesang sarana adat Yahudi, rumaos mboten pantes bilih piyambakipun sesrawungan utawi sowan ing dalemipun tiyang non-Yahudi, kadosdene Kornelius. Sesrawungan kaliyan tiyang non-Yahudi kalebet bab najis kanggenipun adat Yahudi. Ananging lumantar timbalanipun Gusti punika, Petrus sadar bilih punapa ingkang dipun raosaken najis punika, ing ngarsanipun Gusti dados bab ingkang wigati. Mboten wonten malih raos pilih-pilih. Sedaya punika saged dipun agem lan dipun timbali kaliyan Gusti dados umatipun. Kadosdene Kornelius sabrayat ingkang pitados dhumateng Gusti Allah sinaosa piyambakipun punika sanes tiyang Yahudi.

Simon Petrus nampi timbalan saking Gusti. Lumantar tuntunaning Sang Roh Suci, piyambakipun saged pepanggihan lan srawung kaliyan Kornelius ingkang benten golongan kaliyan piyambakipun. Sejatinipun, timbalanipun Gusti Allah punika mawarni-warni, mboten namung dados pendita, pinitua-diaken, utawi aktivis greja kemawon. Gusti Allah kersa nimbali kita sedaya kangge nresnani tiyang sanes, boten mbentenmbentenaken golongan lan sanesipun. Gusti kersa nimbali kita supados kita dados rencang damelipun, mbabaraken Kraton Swarga ing jagad punika. Amin. [gwk].

Gusti nimbali, kula sumadya!

Renungan Harian

Renungan Harian Anak