Ngupaya Pantes Pancaran Air Hidup 23 Februari 2022

23 February 2022

Waosan: Kaimaman 5 : 1 – 13 ǀ Pamuji: KPJ. 339 : 1
Nats:
”Manawa ana wong gawe dosa, marga krungu wong ngipat-ipati, mangka awake dadi saksi, marga nyipati utawa ngerti, nanging ora gelem nglairake katrangan, iku kudu nanggung ing kaluputane dhewe.” (Ayat 1)

Asring kita manggihaken prekawis ingkang boten leres lan boten pantes ing sakiwa-tengen kita. Ananging tumrap prekawis punika, kita asring boten wantun ngengetaken bab punika, supados tetela lan kapungkasan. Contonipun, bab perselingkuhan. Sasisih, manah kita ginugah, awit prekawis punika boten leres lan boten pantes. Ananging sasisih malih, kita ngrumaosi bilih kita punika boten nggadhahi hak kangge gugat, punapa malih ngadili bab punika. Awit, kita rumaos prekawis punika sanes urusan kita. Ing pangajeng-ajeng kita bilih Gusti Allah boten sare, prekawis ingkang boten leres lan boten pantes punika saged ta tetela ing tembe mangke.

Pancen boten gampil dados seksi ingkang nedahaken kayekten. Langkung-langkung manawi kita rumaos dereng pantes, awit kita piyambak rumaos dereng saged ngener dhateng gesang ingkang sayekti. Sok sintena tiyang tamtu ginugah manahipun nalika manggihaken prekawis ingkang boten leres dipun tindakaken saderekipun. Kita ugi sadar bilih kita ngengetaken kalepatan sederek kita punika saged nuwuhaken crah. Kepara, ginugahing manah punika saged ndadosaken kita rumaos ”kedosan” karana kita boten saged ngemutaken piyambakipun ingkang lepat. Pancen sarwa repot: ”Ngelingake kok ya ora pantes, ora ngelingake malah kedosan!”

Suraos ”nanggung ing kaluputan kita piyambak”, punika kedahipun ngatag manah kita supados langkung rumiyin purun ndandani manah kita. Inggih manah ingkang taksih remen nindakaken duraka, tumuju dhateng manah ingkang langkung remen nindakaken kasaenan. Kasanggeman kita punika saged ngeneraken kita dhateng gesang ingkang langkung pantes ing ngarsanipun Gusti lan sesami. Temahan, dene sawanci-wanci manah kita gumregah rumaos tinimbalan nggelaraken kayekten ing satengahing kadurakan, tutur lan tumindak kita kawawas sae lan kaanggep pantes. Sampun ngantos kita ajrih anggen kita ngemutaken sederek kita ingkang tumindak lepat. Mangga kita wantun ngemutaken sederek kita punika, supados sederek kita punika sami sadar lan purun nelangsani kalepatanipun sarta mratobat. Amin. [aan]

 ”Kayekten iku ora mung bab bener, nanging uga pantes.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak