Waosan: Purwaning Dumadi 43 : 16 – 34 | Pamuji: KPJ. 65 : 1, 2,3
Nats: “Sang Yusuf bareng mirsani Benyamin rayine, tunggil ibu, tumuli ngandika: “Apa iku adhimu kang wuragil, kang kokcaritakake marang aku biyen?” Sarta ngandika maneh: “O, engger, Gusti Allah muga ngganjara sih rahmat marang kowe.” (Ayat 29)
Peta buta punika salah satunggaling piranti guru kangge gladhi para siswanipun ing pelajaran geografi. Peta buta punika wujudipun gambar peta ingkang mboten gadhahi katerangan ingkang jangkep minangka tenger. Pramila mboten gampil kanggenipun para siswa nguwasani. Para siswa kedhah telaten ngginakan katerangan minim ingkang kaparingaken. Nanging bilih saged nguwasani lajeng saged manggihaken papan ingkang dipun kersaken bapak utawa ibu guru minangka soal, siswa punika mesthi bungah lan pikantuk asil ingkang sae.
Yusuf ngraosaken kabingahan ingkang ageng, awit piyambakipun saged kepanggih Benyamin, rayinipun ingkang dipun tresnani. Saking bingahipun, Yusuf lajeng mlebet kamar, nangis sak bibaripun ngandika kaliyan Benyamin (ay. 29-30). Yusuf rumaos bingah saged kepanggih Benyamin lan para sadherekipun. Yusuf ugi rumaos bingah saged dados lantaraning kawilujengan Rama Yakub sabrayat ing mangsa pailan. Senaosa sampun ngalami kathah kasangsaran awit saking polah damelipun sederekipun, Yusuf tetep ngraosaken bingah. Piyambakipun mangertos bilih sedaya prekawis ing gesangipun punika, dados sarananipun Gusti paring berkah tumrap brayatipun. Yusuf dados tuladha gesang umatipun Allah ingkang mandiri nanging ugi karenan ing ngarsanipun Gusti. Pigesanganipun Yusuf sampun katata dening Gusti Allah dados talanging berkah brayatipun. Wusananipun Yusuf saged bebingah awit sampun ngraosaken rancanganipun Gusti tumrap gesangipun.
Gesang kita punika kados ngadepi soal peta buta ingkang minim katerangan. Kathah prekawis gesang ingkang ndadosaken kita bingung lan mboten mangertos punapa ingkang badhe kita lampahi. Kita mboten saged namtokaken sikap. Karana punika, sumangga kita nuladha lelampahanipun Yusuf ingkang tansah mbangun turut karsanipun Gusti Allah ing sadengah kahanan. Kita saged bebingah awit kita saged manggihaken peta rancanganipun Gusti Allah tumraping gesang kita. Sumangga kita nglajengaken patrap pigesangan ingkang ngluhuraken asmanipun Gusti! Amin. [jarwi].
“Bungah kuwi yen bisa dadi talang berkah tumrap sesami.”