Waosan: Yeremia 13: 20 –27 ǀ Pamuji: KPJ. 125: 1 – 3
Nats: “He wong kang wus kepatuh gawe dosa, apa kowe bisa tumindak becik?” (Ayat 23b)
Salah satunggiling nasehat tiyang Jawi ungelipun mekaten: “Sapa tekun golek teken, bakal tekan.” Nasehat punika ngemu teges, sinten ingkang tekun pados teken badhe dumugi tujuan. Teken punika alat bantu utawi pitulungan. Tiyang Jawi ngrumaosi lan sadar bab watesipun manungsa. Kathah prekawis ingkang mboten saged dipun tindakaken piyambak lan kedah pikantuk pitulunganipun tiyang sanes. Teken ugi nggadhahi teges ilmu pengetahuan, Kitab Suci agami-agami, lsp. Gadhah teken, senadyan mlampahipun alon thimik-thimik, ananging badhe saged mlampah terus ngantos dumugi cita-citanipun.
Ing salebeting kawontenan ingkang mboten sae, upaminipun ing pageblug Covid-19, badhe wonten pitakenan kados ing ayat 22a: “Yagene aku kataman kang kaya mangkene iki kabeh?”. Pitakenan punika kelair ing manah lan raos semplah utawi putus asa. Langkung prayogi yen ing salebeting kawontenan kados mekaten, kita angge evaluasi diri, sebab asring kita mboten sadar yen kawontenan kados mekaten punika asal pinangkanipun saking kita piyambak. Rikala paukuman kadhawahaken dhateng bangsa Yehuda, bangsa punika kedahipun sumerep bilih paukuman punika kedadosan sebab bangsa Yehuda kathah sanget dosanipun, sampun sering nindakaken kejahatan, ngantos mboten saged ngrebah tingkah laku ingkang jahat kalawau! Pramila ing ayat 23a kaserat: “Wong Etiopia apa bisa salin warna, utawa macan tutul apa bisa ngowahi tutule?” Pitakenan punika ngajengaken jawaban ‘ora bisa’. Bangsa Yehuda sampun dangu anggenipun lelumban/ lelangen ing salebeting dosa ngantos mboten mampu malih ngrebah dhirinipun piyambak supados dados sae.
Prastawa ingkang ngancam pigesangan, estunipun saged dados tuking pambudi daya kangge ngakeni lepat lan pamratobat. Gusti Allah mboten nate nolak tiyang ingkang marek wangsul ing pangrehipun. Panjenenganipun maringi pepenget supados kita purun mratobat, sakderengipun manungsa mboten mampu malih ngenggalaken gesangipun. Pramila mboten perlu dipun undur-undur malih yen pancen kepengin dados sae, supados mboten kecalan wekdal, semangat, lan daya kekiyatan kita. Ing salebeting ‘Pemberlakuan Pembatasan Kegiatan Masyarakat (PPKM) Darurat pulau Jawa dan Bali’, gandheng kaliyan pageblug Covid-19, tiyang ingkang nembe kemawon ngrampungaken isolasi mandiri 14 dinten, badhe nglairaken kabingahipun, luwar saking kawontenan ingkang mboten sae. Gusti tansah mberkahi kita. Amin. [Esha].
“Kabegjan sejati, pitados mring Gusti, manut lan bekti”