Nyogok Pancaran Air Hidup 13 Januari 2022

13 January 2022

Waosan: Lelakone Para Rasul 8: 18 24 ǀ Pamuji: KPJ. 135
Nats:Nanging Rasul Petrus banjur ngandika marang dheweke: Dhuwitmu kenaa ing rusak bareng karo kowe, amarga kowe ngira, yen kowe bisa tuku peparinging Allah nganggo dhuwit.” (Ayat 20)

Nyogok ing jaman samangke sampun dados padhatan ingkang limrah kangge sawetawis tiyang. Contonipun: supados mindhak pangkat, pados pendamelan, mlebet sekolah favorit, kathah tiyang ingkang nyogok. Menawi padhatan punika mboten dipun brantas, kados pundi masa depan bangsa Indonesia ingkang kita tresnani punika, tamtu badhe dados bangsa ingkang risak.

Wonten ing waosan, kita ugi manggihaken tumindhak nyogok, mboten nyogok awit kapincut jabatan utawi bandha donya, ananging nyogok supados saged numbas Panguwaosipun Allah. Cariyos punika kawiwitan nalika Filipus martosaken Injil wonten ing tlatah Samaria. Gusti Allah makarya kanthi ngedhap-edhapi: tiyang ingkang sakit sami kasarasaken, tiyang ingkang kapanjingan dhemit waluya jati, tiyang lumpuh saged mlampah. Mujizat punika nengsemaken batosipun Simon, ngantos semlengeren. Sejatosipun Simon nate misuwur ing kitha punika, awit saged damel pangerameram kanthi tumindhak sihir, ananging mujizat ingkang dipun sekseni rupinipun langkung nengsemaken manahipun, tumuntun piyambakipun kepingin numbas dhateng para Rasul. Tumindhakipun Simon punika sampun ngremehaken Sang Roh Suci. Mila Rasul Petrus ngengetaken kanthi sora, “Dhuwitmu kenaa ing rusak bareng karo kowe, amarga kowe ngira, yen kowe bisa tuku peparinging Allah nganggo dhuwit.” (Ay. 20).

Piwucal punapa ingkang saged kita pethik saking waosan kalawau?

  1. Nyogok punika patrap gesang nistha, awit ngrisak kawontenan, tiyang jujur kasingkiraken, tiyang leres mboten dipun ajeni, tiyang tulus margining mboten mulus.
  2. Panguwaosipun Allah mboten saged dipun tumbas. Gusti Allah mboten saged dipun sogok. Contonipun: kita ngaturaken pisungsung supados dipun berkati langkung kathah.
  3. Sampun ngantos kita batesi panguwaosipun Allah, namung mandeg wonten ing prekawis-prekawis supranatural kemawon. Pangrimatanipun Gusti Allah ugi wonten ingkang natural, inggih punika pangrimatan gesang sadinten-dinten.
  4. 4. Panguwaosipun Allah mboten winates lumantar barang-barang tinamtu ingkang kados-kados dipun anggep jimat lan sekti. Contonipun: minyak urapan, roti lan anggur.
  5. 5. Panguwaosipun Allah mboten winates dhateng tiyang-tiyang tinamtu, tumunten dipun kultusaken. Amin. [Djian].

 “Panguwaosing Allah tansah nyata salebeting gesang umatIpun.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak