Waosan: Pangandharing Toret 9 : 25 – 10 : 5 | Pamuji: KPJ. 58
Nats: “Dhuh Gusti Allah, mugi sampun ngantos nyirnakaken umat Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka tebus kaliyan kaluhuran Paduka.” (Ayat 26)
Wonten jaman modern punika, kathah pemuda ingkang rumaos bingung pados jati dhirinipun. Kita asring rumaos bilih ajining dhiri punika gumantung saking punapa ingkang kita gadhahi lan kita gayuh. Menawi kita mboten saged nggayuh bab-bab punika, kita asring rumaos asor lan tanpa gina. Mila kathah pemuda ingkang sinau ngantos inggil supados punapa ingkang dados pangajeng-ajengipun saged kalaksanan. Mekaten ugi kathah pemuda ingkang nyambut damel lan wirausaha kanthi temen supados angsal gaji kangge nyekapi kabetahan gesangipun. Srana sinau lan nyambut damel punika, para pemuda punika nedahaken jati dhirinipun, bilih piyambakipun saged migunani tumrap sesami lan dhirinipun piyambak.
Lumantar nabi Musa wonten ing kitab Pangandharaning Toret punika, kita dipun engetaken bab kayekten ingkang sejati. Nalika bangsa Israel dawah ing dosa lan pantes nampi paukuman, nabi Musa ndedonga dhumateng Gusti Allah, “Dhuh Gusti Allah, mugi sampun ngantos nyirnakaken umat Paduka piyambak.” “Umat Paduka piyambak” punika nggadhahi teges ingkang lebet sanget. Punika negesaken bilih gesang kita punika sanes kagungan kita piyambak, nanging kagunganipun Gusti Allah. Nabi Musa ugi nyebataken bilih kita punika “ingkang sampun dipun tebus kaliyan kaluhuran Paduka.” Tembung “tebus” punika nggadhahi teges bilih wonten “regi” ingkang sampun dipun bayar lunas. Regi penebusan punika sanes saking emas utawi salaka nanging Rahipun Gusti Yesus Kristus piyambak, ingkang nandhang sangsara lan pejah wonten ing kajeng salib.
Pekan Pemuda punika dados wekdal ingkang prayogi kangge kita nggalih: Menawi Gusti Allah karsa milih lan nebus kita kanthi regi ingkang awis sanget, kados pundi kita rumaos mboten nggadhahi regi? Kados pundi kita ngrisak gesang kita piyambak kanthi tumindak ingkang muspra? Gusti Allah mboten nilaraken kita nalika kita dawah. Kosok wangsulipun, kakiyatan-Ipun ingkang ageng punika tansah wonten kangge nuntun kita medal saking dosa lan pepetenging gesang. Sumangga, wonten ing Pekan Pemuda punika, sampun ngantos kita rumaos piyambakan lan tanpa aji. Sumangga kita njagi gesang kita punika kanthi sae, kanthi lelados dhumateng Gusti lan sesami. Amin. [SWT].
“Gusti mugi ngresiki manah kula sadaya.”