Estafet Prabu Dawud Pancaran Air Hidup 29 Desember 2021

29 December 2021

Waosan: 1 Babad 28 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 178a
Nats: “Wigatekna saiki, sabab Pangeran Yehuwah wus milih sira kakarsakake yasa padaleman kanggo pasucen. Disantosa atinira sarta iku sira lakonana.” (Ayat 10)

Ing pendamelan wonten ingkang dipun wastani sertijab utawi Serah Terima Jabatan. Sertijab punika dipun lampahi nalika wonten pejabat enggal ingkang nyepeng jejibahan ing salah setunggaling posisi utawi jabatan. Pejabat ingkang lami kedah masrahaken tanggel jawab lan jabatanipun dhateng pejabat ingkang enggal punika, supados lampahing pendamelan punika saged kalajengaken kanthi sae. Sertijab punika saged dados lelakon ingkang endah nalika pejabat ingkang lami saged masrahaken tanggel jawabipun kanthi pasrah sawetah, boten wonten raos meri utawi raos kageser. Pejabat ingkang masrahaken, sarta pejabat ingkang nampi jejibahan punika kedah rumaos bilih sedaya punika minangka tanggel jawab ingkang kedah dipun lajengaken kangge kasaenan.

Waosan kita wekdal punika nyariosaken Prabu Dawud ingkang masrahaken ayahan pambangunaning Padaleman Suci dhateng Salomo. Prabu Dawud masrahaken pembangunaning Padaleman Suci punika kanthi tulus (ayat 2). Tamtunipun punika boten prekawis ingkang gampil, awit ingkang nyawisaken sedaya kabetahan kangge pembangunaning Padaleman Suci punika, Prabu Dawud piyambak. Ing ngriku, Gusti Allah dhawuh dhumateng Prabu Dawud bilih piyambakipun boten badhe yasa Padaleman Suci kagem Gusti, amargi piyambakipun punika prajurit ingkang sampun ngwutakahen getih (ayat 3). Prabu Dawud kedah kagungan raos andhap asor sarta pasrah bilih ingkang badhe nglajengaken pembangunan Padaleman Suci inggih punika sang putra Salomo.

Kahanan ingkang dipun lampahi dening Prabu Dawud saged ugi kelampahan wonten ing gesang kita, ing pendamelan, ing peladosan, ing pasamuwan, lan ing pundi-pundi panggenan kita. Karana punika, kita kedah kagunggan pemanggih bilih tanggel jawab ingkang kita emban punika pinangkanipun saking Gusti Allah piyambak. Badhe wonten wekdalipun Gusti Allah mundhut tanggel jawab kita punika. Nalika prekawis punika kelamapahan, mangga kita sami pasrah lan legowo. Awit sedaya punika naming kangge kaluhuran lan kamulyaning Gusti Allah. Amin. [ardien].

 “Sampun ngantos kita kesupe jumeneng amargi kita ayem anggenipun lenggah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak