Waosan : Wilangan 17 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ. 186
Nats: “Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: Tekene Harun iku sira balekna maneh menyang ing ngarepe pethi angger-angger, kasimpena minangka pratandha kanggo para wong kang duraka, temah panggrundele wus sira ilangi lan ora Sunpireng maneh, supaya aja padha mati.” (Ayat 10)
Ngedumel utawi nggrundel punika tumindhak ingkang asring sanget kita panggihi ing gesang. Kita saged dados tiyang ingkang ngedumel, saged ugi kita ingkang nampi panggrundel saking tiyang sanes. Ananging menawi kita raosaken kanthi tumemen, boten wonten tiyang ingkang remen mireng panggrundel, nanging nyatanipun punika tansah wonten ing gesang. Anak ingkang nggrundel dhateng tiyang sepuhipun, mekaten ugi tiyang sepuh ingkang ngedumel dhateng anakipun. Sakabat nate nggrundel, mekaten ugi gurunipun. Ing papan pundi a kemawon, kita saged manggihi panggrundeling manungsa.
Waosan kita dinten punika nyariosaken bangsa Isreal nggrundel dhumateng Gusti Allah amargi boten remen kaliyan Musa lan Harun, sanadyan Musa lan Harun punika kapiji dening Gusti Allah piyambak. Harun kapiji dening Gusti Allah mawi tanda tekenipun punika ngedalaken kembang. Kamangka teken saking pemimpin bangsa Israel sanesipun boten wonten ingkang ngedalaken kembang. Saking prekawis punika, Gusti Allah paring piwulang bangsa Israel supados mendhel anggenipun nggrundel. Bangsa Israel kaajak sinau pitados bilih punapa ingkang dipun paringaken Gusti Allah punika peparing ingkang patitis. Tumindak nggrundel punika, sami kemawon mangu-mangu kaliyan pakaryan lan katresnanipun Gusti Allah.
Sumangga kita saged tumindak wicaksana anggenipun nampi berkah sarta netepi karsanipun Gusti. Sampun ngatos kita punika nggrundel dhumateng Gusti Allah. Sanadyan asring kita nampi prekawis ingkang ewet lan awrat salebeting gesang, mangga kita pitados bilih Gusti maha tresna. Kita yakin bilih Gusti Allah tansah paring kakiyatan lan kasagedan kangge kita nindakaken pakaryan kita sadinten-dinten. Maketen ugi kita saged ningali pakaryanipun Gusti ingkang nglangkungi awrating gesang kita. Mangga panggrundel salebeting gesang kita saged kagantos raos bingah ing manah. Amin. [ardien].
“Ngedumel kedah dipun ewah dados raos bungah ing manah”