Tombo Ati Pancaran Air Hidup 17 November 2021

17 November 2021

Waosan: Zakharia 12 : 1 – 14 | Pamuji: KPJ. 431
Nats:
“… Wong isine Yerusalem iku padha kadunungan kakuwatan marga saka Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, iku Gusti Allahe.” (Ayat 5).

Manah punika perangan ingkang wigati ing gesangipun manungsa. Bilih manah punika sehat, manungsa saged mbabaraken katresnan lan semangat nglampahi gesang. Nanging bilih manah punika sakit, tamtu manungsa punika saged nglokro lan ngraosaken kasisahan. Kangge nambani manah ingkang sakit punika mboten gampil, dipun betahaken pambudidaya ingkang ajeg.

Waosan kita ing dinten punika nyariyosaken Nabi Zakharia ingkang ngupadi paring tombo kagem manahipun Bangsa Israel ingkang nglokro. Nalika semanten, Bangsa Israel dipun wangsulaken dhateng Yerusalem. Kondisi padaleman suci punika mboten saged kaginakaken malih kangge ngabekti dhumateng Gusti. Nalika ningali kahanan ingkang kados mekaten, Nabi Zakharia nggadhahi pangajeng-ajeng kangge ndandosi Padaleman Suci punika. Nanging, ajakan Nabi Zakharia punika mboten dipun sambeti klayan semangat. Semangatipun Bangsa Israel kagem ngluhuraken Asmanipun Gusti sampun luntur amargi momotan ingkang dipun raosaken ing Babil. Nyumerepi kasunyatan punika, Nabi Zakharia mboten kemuriten nanging pados pitulungan saking Gusti Allah satemah Bangsa Israel saged semangat malih. Gusti Allah lajeng paring pitulungan lumantar janji kakiyatan ingkang enggal, sarta pepenget bilih Bangsa Israel punika saged wangsul malih ing tlatah Yerusalem namung amargi sih katresnan lan panuntun saking Gusti Allah piyambak.

Proses nggugah semangat lan nambani manah punika mboten gampil, kedah dipun sarengi kaliyan manah ingkang ulet lan tindak tanduk ingkang mujudaken semangat saking batos. Bilih mboten kiyat, tiyang ingkang ngupadi paring tombo ati kagem tiyang sanes punika saged tumut nglokro. Nabi Zakharia sampun paring paseksi, bilih piyambakipun saged kiyat lan mboten nate kuciwa nalika ngupadi paring tombo tumrap manahipun Bangsa Israel amargi Gusti Allah mboten nate nilar lan tansah paring pitulungan. Nalika kita tingali kahanan ing sakiwa tengen kita, tamtu kita saged ningali bilih taksih kathah manah ingkang mbetahaken tombo ati punika. Satemah, kados dene Nabi Zakharia, mangga kita tansah ngupadi paring kapulihan lan tombo ati kagem manah ingkang sakit amargi kesayahan lan kamomotan supados gesangipun sederek kita punika saged kalampahan ing kabingahan lan semangat. Amin. [xie].

 “Memayu Hayuning Bawana”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak