Remen Andhum Berkah Pancaran Air Hidup 21 September 2021

21 September 2021

Waosan: Yakobus 5 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 165 : 1 – 2
Nats:
“Sajatine wus kaprungu panguwuh-uwuh, amarga opahing buruh kang wis padha ngeneni pametuning tegalmu koktahan, pangresulane wong kang pada derep wis kapireng ing talingane Pangeran sakabehe tumitah.” (Ayat 4).

Bill Gates punika piyantun Amerika ingkang kagungan Microsoft, salah setunggaling perusahaan computer ingkang ageng ing Amerika. Piyambakipun punika kalebet gangsal tiyang ingkang paling sugih sak donya. Ngantos dumugi wulan Oktober 2020 kepengker, majalah Forbes martosaken bilih Bill Gates kagungan bandha 1.857 Triliun. Sanesipun kasugihan arupi materi/ arta, ugi wonten kasugihan ingkang arupi non materi. Ing Indonesia wonten Undang-undang ingkang mranata bab Hak Kekayaan Intelektual (HKI). Undang-undang HKI punika kangge njagi bandha ingkang awujud ide, gagasan lan pamikiran-pamikiran.

Serat Yakobus 5:1-6 punika katujuaken dhateng tiyang sugih ingkang gumunggung, serakah, boten jujur sarta remen nindhes dhateng tiyang ingkang mlarat lan ringkih. Kangge tiyang ingkang sugih punika, pangabekti ingkang kawangun namung dados formalitas kemawon. Sedaya tumindakipun namung tumindak keji, kados ta mboten ngaturi gaji dhateng buruh ingkang sampun nyambut damel dhateng piyambakipun (ay. 4). Lumantar kahanan ingkang kados mekaten serat Yakobus dipun serat. Rasul Yakobus mboten namung ngengetaken nanging inggih ngancem tumindak gesang tiyang sugih ingkang gumunggung, serakah, lan keji kalawau. Awit sedaya bandha donya lan kasugihan punika boten langgeng ing donya punika.

Sak mangke cacahipun umat kagunganipun Gusti Yesus ing alam donya punika kathah sanget. Ananging, kita sami ngrumaosi bilih dados kagunganipun Gusti punika sanes prekawis ingkang gampil. Perlu kita mangertosi bilih bandha kita punika mboten winates arupi arta utawi materi kemawon ananging kasugihan kita saged arupi kesehatan, kapinteran, bakat, sanak sederek lan brayat. Wonten unen-unen “aja adigang, adigung, adiguna”, ingkang artosipun sampun ngantos kita punika gumunggung, serakah, lan tumindak keji dhateng tiyang sanes. Lumantar waosan dinten punika, kita kaajak niti priksa gesang kita piyambak-piyambak, “Punapa sedaya bandha ingkang kasebat kasugihan kalawau saged karaosaken dening tiyang kathah? Punapa namung mandeg kangge gesang kita piyambak?” Mangga kita sami dados tiyang ingkang remen andhum berkah awit Gusti sampun paring berkah dhateng kita. (Fan-3).

“Urip iku urup.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak