Waosan: Efesus 5 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 345
Nats: “lan padha lumakua ing katresnan, kayadene Sang Kristus Yesus uga wus ngasihi kowe kabeh lan masrahake sarirane kanggo kita ….” (Ayat 2)
Punapa kemawon ingkang sampun kita tindakaken minangka wujuding katresnan kita dhateng tiyang ingkang kita tresnani? Mbok bilih kita sampun paring pitulungan, pambiyantu, pakurmatan, pangapunten, pandonga, paweweh, lsp. Sadaya punika sasaged-sagedipun kita tindakaken minangka wujuding kasanggeman kita nglampahi gesang kanthi tresna-tinresnan.
Kita tamtu ngraosaken bilih Gusti Yesus Kristus nresnani kita. Malah asring kita kaeraman dhateng pakaryan saha berkahipun Gusti minangka kanugrahan ingkang mboten kanyana-nyana. Prekawis punika asring kita wastani mukjizat, berkah ingkang nglangkungi pamikir, pamawas, saha panggalih kita minangka manungsa limrah. Kajawi mukjizat, kita ugi nampi lan ngraosaken kathah prekawis sanesipun saking Gusti. Sadaya wujuding kanugrahanipun Gusti punika sansaya nedahaken bab katresnanipun Gusti dhateng kita. Katresnan punika linambaran prastawa adi nalika Gusti Yesus masrahaken Sariranipun kangge kita. Nyawa lan ragan-Ipun Gusti Yesus kapasrahaken minangka tetebusan kangge gesang kita. Mboten wonten katresnan ingkang agengipun nglangkungi katresnanipun Gusti Yesus ingkang rila ngetohaken nyawan-Ipun kangge kita umat kagungan-Ipun. Pasrahing Sarira lan nyawan-Ipun Gusti Yesus punika ingkang katedahaken dening Rasul Paulus supados sami kita tuladhani anggen nindakaken katresnan.
Saking pitedah punika kita mangretos bilih sadrema paweweh ingkang kita paringaken dhateng sok sintena ingkang kita tresnani, estunipun dereng saged kawastanan katresnan ingkang jangkep. Katresnan ingkang sejati kedah dipun lambari kanthi kasagahan ngurbanaken dhiri, masrahaken dhiri sawetahipun. Ewa samanten, tamtu winatesing kawontenan saha kamanungsan ingkang limrah taksih asring ndadosaken kita rumaos kawratan manawi kita nulad katresnanipun Gusti Yesus. Ananging ingkang langkung wigatos, sumangga pitedah saking Rasul Paulus lan patuladhan katresnanipun Gusti Yesus punika, mboten ndadosaken kita sambat anggen kita olah katresnan ing pigesangan sadinten-dinten. Mangga kita sansaya mundhak-mundhak lan tumemen nindakaken samukawis kasaenan dan katresnan dhateng sesami, wah malih ing ngarsanipun Gusti. Amin. [aan].
“Agenging katresnan tetela saking agenging kasagahan ngrubanaken saha masrahaken dhiri dhateng tiyang ingkang kita tresnani.”