Panggulawentah Pancaran Air Hidup 7 September 2021

7 September 2021

Waosan : Ibrani 12 : 3 – 13 | Pamuji : KPJ. 433
Nats:
“Sarupaning patrapan iku samangsa lagi kaparingake pancen ora mbungahake, malah nyedihake. Nanging sateruse banjur metokake wohing kayekten kang njalari tentrem …” (Ayat 11).

Pemudi punika naminipun Laras, saweg cariyos bab pakaryan enggal ingkang dipun ayahi kanthi seru. Piyambakipun cariyos bilih jejibahan enggal punika mbetahaken kedisiplinan lan keuletan satemah kathah rencangipun ingkang rumaos awrat. Nanging ingkang dipun raosaken dening Laras kosokwangsulipun, piyambakipun rumaos biasa kemawon amargi wiwit alit sampun kadidik disiplin, nindakaken tugas lan tanggel jawab kanthi tumemen. Panggulawenthah tiyang sepuhipun ingkang rumiyin karaosaken mboten sekeca, dados sumbering kasangsaran, sakpunika karaosaken kasilipun. Tamtu kita ugi nate nggadahi pengalaman kadosdene Laras. Didikan tiyang sepuh ingkang rumiyin kita siriki, sakpunika kita sumerepi mupangatipun. Proses ingkang rumpil mboten muspra, nanging mbetha kasaenan kangge gesang ingkang kita lampahi ing dinten punika. Sejatosipun, panggulawenthah kaparingaken amargi tiyang sepuh punika tresna lan nggadahi pengajeng-ajeng supados putra lan putrinipun saged nglampahi gesang kanthi sae.

Panggulawentah ugi kita tampi saking Gusti Allah ingkang Maasih. Lumantar sabda lan piwelingipun kita katuntun, supados saged nglampahi gesang ingkang nuwuhaken woh kabecikan. Waosan kita, paring piwulang bab punika. Bilih panggulawentah ingkang asalipun saking Gusti kaparingaken dhateng manungsa ingkang dipun tresnani, para tiyang pitados ingkang kaanggep putra. Gusti Allah nggulawentah lumantar maneka werni cara, wonten ingkang mbingahaken manah, wonten ugi ingkang mboten cocok kaliyan pepinginan manah. Wonten panggulawentah ingkang alus, nanging ugi wonten ingkang kawujudaken ing sarupaning patrapan. Punika sedaya proses supados kita tansah ngrembaka lan saged nuwuhaken woh.

Bilih kita sampun nyumerepi maneka werna prekawis ingkang kita tampi punika wujud panggulawethahipun Gusti, tamtu kita ugi nggadahi pepinginan sinau bab kawicaksanan lan katresnan. Kita mboten gampil nglokro, mboten gampil protes, nanging langkung semangat sinau bab punapa ingkang nyondhongi karsanipun Gusti lumantar Sabda lan piwulang saking Kitab Suci. (xie).

 “Sampun ngantos kemuriten, sampun cuwa ing manah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak