Kesandhung ing Rata, Kebentus ing Tawang Pancaran Air Hidup 21 Agustus 2021

21 August 2021

Waosan: Jabur 34 : 16 – 23 | Pamuji: KPJ. 117
Nats:
“Wong mursid iku akeh rerubede, nanging diluwari dening Sang Yehuwah saka sakehe iku kabeh, …” (Ayat 20).

Taun 2018 punika dados taun ingkang mbingahaken kagem warga Amerika ingkang naminipun Richard Philips, awit ing taun punika piyambakipun saged medal saking kunjara. Kirang langkung 45 taun, Richard Philips dipun kunjara awit tuduhan rajapati ingkang sejatosipun mboten nate dipun tindakaken dening Philips ing taun 1970 kepengker. Philips dipun kunjara awit wonten saksi ingkang mboten jujur ingkang ndadosaken Philips minangka “kambing hitam.”

Ing waosan kita, Jabur 34 nyariosaken Prabu Dawud ingkang ngaturaken pamuji sokur awit pitulungan saking Gusti Allah ingkang sampun ngluwari umat kagunganipun. Prekawis punika ndadosaken Prabu Dawud kepengin supados para umat sami ngraosaken pitulungan saking Gusti Allah ugi lan mangertos tumindak gesang ingkang dipun kersaaken dening Gusti Allah. Kados pundi para umat pitados saged bermazmur lan ngaturaken pamuji sokur? “Cakra manggilingan” punika unen-unen ingkang nggadahi teges bilih pigesangan punika dinamis, kadangkala ngraosaken wonten ing andhap, kadangkala ngraosaken wonten ing inggil. Sinaosa kita sampun waspada nalika nglampahi gesang ananging kasangsaran taksih badhe kita alami, kados ingkang kaserat ing waosan kita. Kathah kasangsaran ingkang kita adhepi, malah kadangkala kasangsaran punika mboten nate kita bayangaken, kados punapa ingkang dipun alami Philps ugi ingkang dados jejer renungan kita punika.              

“Kaadilan pancen ana, ananging ora kaya apa sing tak arepke,” punika ingkang kalair nalika Philips medal saking kunjara. Saged ugi prastawa kados mekaten saged kita alami, sinaosa kita sampun tumindak sae, ananging kasangsaran taksih kita alami. Kita nanggung prekawis ingkang sejatosipun mboten dados tanggeljawab kita. Prekawis punika sanes prekawis ingkang remeh, ananging tuladha saking Pemazmur saged dados pangenget kangge kita nalika kita ngadepi momotan lan karibetan punapa kemawon, Gusti Allah tansah nganthi saha ngrimati gesang kita. Pracayaa! (Fan-3).

“Kang padha kokalami iku pacoban-pacoban kang lumrah, kang ora ngluwihi kakuwataning manungsa.” (1 Kor. 10:13)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak