Waosan: Yeremia 31 : 1 – 6 I Pamuji: KPJ. 124 : 1 ,3
Nats: “Sang Yehuwah ngatingali aku saka ing kadohan, pangandikane: Ingsun ngasihi sira klawan katresnan kang langgeng, mulane Ingsun nglestarekake sih susetyaningSun marang sira.” (Ayat 3).
Punapa wonten tresna ingkang langgeng? Bilih katresnanipun manungsa boten wonten. Ananging ingkang boten saged kita panggihaken saking manungsa, saged kita tampi saking Gusti Allah. Pramila manawi wonten pasangan kekasih ingkang saweg nyawisaken gesang bebrayat, nalika dipun dangu, “Sepira gedhene tresnamu marang calon bojomu?” Bilih wangsulanipun 100 persen, mesthi wangsulan punika ngapusi, kangge nglabuhi pak pendito supados dipun ladosi daup sucinipun. Awit boten saged manungsa punika nresanani liyan ngantos 100 persen, awit ugi kedah nresnani dhirinipun piyambak. Karana ingkang dados dasaring gesang bebrayatan sanes katresnanipun manungsa ananging adedasar katresnanipun Gusti Allah.
Kados ing waosan dinten punika, dipun wartosaken bilih katresnanipun Gusti Allah punika katresnan ingkang langgeng. Katresnan ingkang boten gampil molah-malih sanadyan gesang punika gampil molah-malih. Janjinipun Gusti Allah punika saestu nentremaken manahipun bangsa Israel, ingkang nalika semanten katindes ing pangawulan. Gusti Allah janji badhe mbangun malih bangsa Israel. Sedaya badhe ngalami pangluwaran kanthi kebak sukarena lan sesarengan ngluhuraken Asmane Sang Yehuwah. Tamtunipun janji punika boten namung kangge bangsa Israel kemawon ananging ugi kangge gesang kita ing zaman sakmangke. Pramila ingkang kedah wonten ing manah lan pikiran kita inggih punika Gusti Allah tansah makarya kangge mulihaken lan mbangun gesang kita dados sae.
Mbokmanawi samangke kita saweg ngadepi kawontenan kadosdene bangsa Israel ingkang nandang kaprihatosan. Kita saweg sisah kecalan pengajeng-ajeng karana momotaning gesang ingkang awrat sanget. Sumangga sami wangsul dhateng katresnanipun Gusti Allah ingkang langgeng. Kanthi pitakenan kangge dhiri kita piyambak, “Punapa kita sampun setya dhumateng Gusti Allah, kanthi setya nindakaken angger-anggeripun Gusti, kanthi lampah setya dhateng brayat kita, dhateng pakaryan kita?” Sumangga kita sami ngenget bilih Gusti Allah punika, Gusti Allah ingkang Maha Setya, ingkang katresnanipun langgeng. Pramila sumangga kita mbangun gesang ingkang setya dhumateng Gusti Allah kanthi nindakaken pangandikanIpun. (Life).
“Gusti Allah ingkang mbangun gesang kita, samangke tugas kita mbangun gesang ingkang setya tuhu dhumateng Gusti Allah.”
“