Waosan: Jabur 78 : 23 – 29 | Pamuji: KPJ. 109 : 1, 2
Nats: “Tumuli padha mangan nganti wareg banget, Panjenengane maringi apa kang padha dikarepake.” (Ayat 29).
Tetedhan punika dados kabetahan pokok kangge manungsa, wujudipun saged arupi sekul, roti, sagu, jagung lsp. Karana punika bilih manungsa kekirangan tetedhan, piyambakipun saged sakit. Supados manungsa saged nyekapi kabetahan pokokipun, saben manungsa sami nyambut damel, ngupaya pakaryan ingkang ngasilaken arta kangge nyekapi kabetahan gesangipun sadinten-dinten. Kanggene para tiyang pitados, Gusti Allah tamtu tansah mberkahi sedaya pendamelan ingkang dipun tindakaken kanthi jujur lan temen. Pramila para tiyang pitados tansah dedonga langkung rumiyin saben miwit sedaya pakaryan lan pandamelanipun, tujuanipun supados Gusti Allah maringi kacekapan berkah lan kawilujengan anggenipun makarya.
Waosan wekdal punika isinipun kidung pepujian saking Asaf ingkang nyariosaken sih kamirahan lan sih pangrimatanipun Gusti Allah, nalika bangsa Israel wonten ing ara-ara samun. Asaf ngenget-enget malih kados pundi anggenipun Gusti Allah maringi tetedhan arupi roti Manna ing wanci enjing lan daging manuk puyuh ing wanci sonten kangge bangsa Israel. Sarana tetedhan Manna lan daging manuk puyuh punika, sedaya tiyang Israel saged nedha kanthi wareg. Punika sedaya nedahaken pangrimatanipun Gusti Allah dhateng bangsa Israel. Gusti Allah tansah nyekapi lan mberkahi umatIpun salebeting gesang.
Benjing kita badhe lumebet wulan Agustus ingkang dipun wastani wulan pembangunan GKJW. Benjing Minggu, kita badhe nindakaken bujana suci pembangunan GKJW. Kita sami dipun ajak nyekseni lan ngraosaken pakaryan lan pangrimatanipun Gusti Allah dhateng GKJW. Sejatosipun sampun kathah sanget berkah peparingipun Gusti Allah dhateng GKJW, sae punika arupi cacahipun pasamuwan ingkang sansaya ngrembaka, GKJW saged dados greja ingkang mandhiri, kacekapan daya lan dana kangge kabetahan peladosan ing GKJW sae ing pasamuwan, daerah, lan Majelis Agung. Awit saking punika, minangka warganing GKJW, mangga kita tansah saos sukor dhumateng Gusti Allah. Karana Gusti Allah tansah makarya lan nunggil lampah gesangipun GKJW. Gusti Allah tansah paring kacekapan berkah. Langkung-langgung, kita para warga pasamuwan GKJW tansah dipun rimati lan dipun kanthi dening Gusti sauruting lampah kita. Mugi punika dadosaken kita sansaya tresna dhateng Gusti Allah lan grejaNipun GKJW. (AR).
“Tiyang ingkang gesangipun setya lan bekti dhateng Gusti Allah,tamtu boten badhe kekirangan.”