Waosan: Yohanes 6 : 24 – 35 | Pamuji: KPJ. 147 : 1
Nats: “Satemen-temene pituturKu ing kowe, kowe padha nggoleki Aku iku ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg.” (Ayat 26).
Wekdal kita tumbas tetedhan ingkang dipun bungkus (makanan kemasan), limrahipun ing bungkusipun wonten seratan tanggal kadaluwarsa. Seratan punika nedahaken ngantos kapan tetedan punika aman dipun tedha, satemah mboten jalari sakit. Saben tetedhan nggadah masa kadaluwarsa ingkang benten-benten, ananging ingkang cetha bilih sedaya tetedan punika mesthi wonten watesipun ngantos kapan taksih saged dipun tedha.
Sakbibaripun paring tetedhan dhateng tiyang gangsal ewu, Gusti Yesus lajeng tindak dhateng sebrang seganten. Tiyang kathah ingkang sakderengipun sami nampeni tetedhan kalawau sami madosi. Punapa ingkang dados tujuan tiyang-tiyang kalawau madosi Gusti Yesus? Saged kemawon awit tiyang kathah kalawau kepingin nampi tetedhan malih saking Gusti Yesus kados sakderengipun, inggih punika roti lan ulam. Saged dipun wastani tiyang-tiyang kalawau gumruduk madosi Gusti Yesus namung awit kepingin wareg madaranipun kemawon, ananging mboten nggatosaken karohanenipun. Sajakipun tiyang kathah kalawau, sak sampunipun nedha, mboten saged ngramesi pakaryan punapa ingkang sampun dipun tindakaken dening Gusti Yesus. Tiyang-tiyang kalawau saged ugi mboten sumerep jati Dhirinipun ingkang paring tetedan kalawau. Kedahipun ingkang dipun gatosaken dening tiyang-tiyang kalawau sanes namung prekawis tetedhan kajasmanen kemawon, ananging ugi pitados dawuhipun Gusti Yesus, minangka tetedan karohanen, ingkang boten winates masa kadaluwarsanipun ngantos dumugi delahan langgeng.
Sakmangke sumangga kita sami niti priksa gesang kita piyambak-piyambak, punapa anggen kita sowan/ madosi Gusti Yesus saben dinten ing pandonga, ing pangibadah, punapa namung kepingin nampi tetedan/ berkah materi kemawon? Punapa kita ugi sampun nyuwun dhateng Gusti Yesus supados saged midangetaken dawuhipun minangka tetedan karohanen, ingkang ngiyataken iman kita. Mboten lepat kita sowan dhateng ngarsanipun Gusti nyuwun berkah tetedan kajasmanen, ananging sampun ngantos kita kesupen tetedan ingkang langgeng, tetedan ingkang saged mbeta kita dhateng kalangenganing gesang, inggih punika Gusti Yesus. (GIK).
“Tetedan ingkang langgeng, badhe beta kita dhateng kalanggengan.”