Tekad Pancaran Air Hidup 15 Juli 2021

15 July 2021

Waosan: Kolose 1 : 15 – 23 | Pamuji: KPJ. 452 : 1, 2
Nats: “Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu, lan wus kagelarake ana ing salumahing bumi sakurebing langit, lan aku iki Paulus, kang wis dadi peladose.” ( Ayat 23)

“Makarya… makarya… makarya” punika salah satunggiling tekad ingkang dipun dhawuhaken dening Bapak Presiden Joko Widodo nalika kalantik dados Presiden. Lumantar sambutan punika Bapak Presiden Jokowi ngajak sedaya warga negara Indonesia supados sami nyawiji kagungan tekad ingkang kukuh mbangun Indonesia dados negara ingkang maju. Kemajengan negari Indonesia punika mbetahaken proses, wekdal, lan tekad kangge ngadepi tantangan ing ngajeng.

Tekad kangge makarya, makarya, lan makarya punika dados salah satunggiling tuladha nalika kita ndherek Gusti Yesus. Minangka panderekipun Gusti, kita kedah sumadya makarya, mujudaken tekad setya ndherek Gusti. Awit samubarang sampun dipun cawisaken Gusti dhateng kita. Lumantar layangipun dhateng pasamuwan Kolose, Rasul Paulus martosaken bab kautamanipun Gusti Yesus Kristus. Gusti Yesus Kristus punika ingkang nitahaken samubarang lan ingkang sampun nyucekaken gesang kita. Wungu saking antawisipun tiyang mati, lajeng dados sesirahing sarira ingkang ngrukunaken samubarang sarana sedanipun supados manungsa punika tinemu suci tanpa cacad lan resik anggenipun sowan wonten ing ngarsanIpun (ay 22b). Sedaya punika dipun cawisaken Gusti Yesus supados gesangipun manungsa punika ngraosakan ayem tentrem lan wilujeng.

Sumangga ing wekdal punika, kita sami nggadahi tekad njagi katresnanipun Gusti ing gesang kita, kanthi mantep ing pracaya, tetep santosa, lan sampun ngantos nyleweng saking pangajeng-ajengipun Injil. Mangga kita nggadhahi tekat wantun ngadepi sedaya pacoben lan momotan gesang ingkang kathah lan mawarni-warni. Mekaten ugi kita kagungan tekad ingkang kuat, tansah mandeng ing Gusti, pasrah sumarah mring Gusti, lan gumantung kaliyan Gusti. Matemah Gusti tansah nganthi saha mberkahi tekad kita ingkang setya ndherek Panjenenganipun. (Ry).

 “Kasetyan ndherek Gusti kadasaran saking tekad ingkang kiyat.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak