Waosan: Lelakone Para Rasul 23 : 12 – 35 | Pamuji: KPJ. 126 : 1, 2
Nats: “Bareng wis raina wong-wong Yahudi nganakake komplotan lan sumpah kalawan nyupatani awake dhewe, ora bakal mangan utawa ngombe sadurunge nyedani Rasul Paulus.” (Ayat 12).
Taksih enget cariyos ingkang nate kelampahan ing SDN Gadel, Surabaya, ing taun 2011? Wonten salah satunggiling murid naminipun AL (nama inisial) dalah Siami, ibunipun, ingkang dipun mengsahi dening rencang sekolah lan gurunipun lajeng dipun usir dening tanggi tepalihipun. Punapa jalaranipun? Amargi piyambakipun nglapuraken kasus nyontek masal ingkang kalampahan wonten ing sekolahanipun. Ingkang dipun lampahi dening AL sejatosipun mujudaken pandamel ingkang leres lan sae, katitik wantun njejegaken kajujuran. Nanging ingkang dipun undhuh pranyata malah perlakuan ingkang boten sae saking tiyang kathah ing sakiwa-tengenipun ingkang rumaos dipun ganggu kapentinganipun.
Lah makaten ugi ingkang dipun alami dening Rasul Paulus. Tiyang-tiyang Yahudi sami ngupados sagedipun nyedani. Boten amargi Rasul Paulus nindakaken pandamel awon nanging amargi nindaken pandamel sae, inggih punika martosaken Injil lan kawilujengan saking Gusti Yesus. Sanadyan dipun mengsahi dening tiyang kathah nanging Rasul Paulus boten mundur lan ajrih. Piyambakipun tetep sengkut nggelaraken Injil lan njejegaken kaleresan. Dene Gusti Allah ugi boten sare. Panjenenganipun karsa paring pitulungan lumantar kaponakipun Rasul Paulus ingkang taksih lare. Piyambakipun dipun agem dening Gusti minangka lantaran murih kawilujenganipun abdi kagunganipun ingkang ngemban dhawuh timbalanipun.
Kadospundi tumrap kita para kagunganipun Gusti ing zaman samangke? Punapa kita ugi sagah lan wantun nindakaken kaleresan sanadyan kedah nanggel kasangsaran? Sampun ngantos kita namung remen golek slamete dhewe lan nglirwakaken dhawuh timbalanipun Gusti kagem mujudaken kaleresan. Amargi sok sintena ingkang kepingin golek slamete dhewe punika malah kecalan kawilujengan, dene ingkang wantun masrahaken pejah-gesangipun dhateng Gusti punika badhe nampeni kawilujengan. Kados dhawuh ing Mateus 10:39, “Sing sapa ngeman nyawane bakal kelangan nyawane, lan sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nampani nyawane.” (esje).
“Wantun amargi leres, ajrih amargi lepat.”