Sumpahmu, Matiku Pancaran Air Hidup 11 Juli 2021

11 July 2021

Waosan: Markus 6 : 14 – 29 | Pamuji: KPJ. 452 : 1, 3
Nats:
“Sang Nata banget sungkawa panggalihe, nanging marga saka supaose lan anane para tamu, panjenengane ora karsa nduwa.” (Ayat 26).

Sinten ingkang nate ngucapaken sumpah? Miturut KBBI (Kamus Besar Bahasa Indoesia), sumpah inggih punika ukara ingkang kaucapaken sacara resmi kanthi nyebat Asmanipun Gusti utawi sanesipun ingkang kaanggep suci minangka jaminan bilih ingkang kaucapaken punika saestu leres. Miturut pangertosan ing nginggil, boten sedaya prekawis gesang mbetahaken sumpah, boten sedaya prekawis gesang mbetahaken pangaken sacara resmi supados tiyang sanes pitados dhateng kita. Pramila sampun gampil ngucapaken sumpah. Boten saged awit saking kepentingan kita piyambak, awit saking kasenengan kita piyambak, awit saking kalepatan kita piyambak, lajeng kita gampil ngucapkaken sumpah kangge nutupi sedaya kalawau. Punapa malih sumpah kita murugaken tiyang sanes nemahi bilahi. Punika sanes tumindhak ingkang becik.

Waosan ing dinten punika nyariosaken raja Herodes nalika kaengetaken dening Yokanan Pambaptis supados boten mendhet semah sadherekipun, ananging raja Herodes boten nganggep, langkung-langkung malih Herodias ngendhem serik dhateng Yokanan Pambaptis awit sampun paring pangenget. Sedaya kalawau murugaken Yokanan Pambaptis kinunjara lajeng pejah krana katigas mustakanipun dening prajuritipun Herodes. Saking carios punika kita saged sinau, bilih karana sumpah ingkang boten prelu, muragaken bilainipun tiyang sanes. Lajeng wonten pitaken, sumpah ingkang leres, sumpah ingkang kados pundi? Inggih punika sumpah kita dados putraning Allah, dados putra ingkang manut lan ajrih asih dhumateng Gusti. Sanes sumpah kangge kabetahan kita piyambak, kangge nutupi kalepatan kita.

Ing sadengah prekawis gesang kita, sumangga sami nengenaken karsanipun Gusti, sanes pikajeng kita piyambak. Sumangga sami nuladha gesangipun Gusti Yesus, nindakaken sedayanipun kanthi dasar katresnan dhateng manungsa, tansah rila ngurbanaken dhiripun kangge manungsa. Bilih kita sami ngaken putraning Allah, sumangga kita nindakaken ingkang sami kaliyan ingkang sampun katindakaken dening Gusti Yesus. Kita remen ngakeni kalepatan lan kersa nyuwun pangapunten tanpa raos gengsi lan gumunggung. Kadosdene Gusti Yesus sampun karsa kecalan nyawanipun, minangka pribadi ingkang andhap asor mbelani manungsa dosa, inggih punika gesang kita sedaya. Begja kita sedaya dados pandherekipun Gusti ingkang sembada. (Life).

“Aja gampang ngucapake sumpah, apamaneh ndadekake bilaine liyan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak