Gegirisi Tebih Saking Gusti Pancaran Air Hidup 25 Juni 2021

25 June 2021

Waosan: Kidung Pangadhuh 2 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 320
Nats:
“… sarta padha pegat nyawa ana ing pangkone biyunge.” (Ayat 12b)

Gegirisi menika ukara ingkang kita ungelaken wekdal maos waosan dinten menika. Gusti Allah ingkang maha asih pranyata karsa dadosaken karisakaning kahanan lan papan-papan ingkang endah. Upaminipun “nyirnakake sakehe pategalane Yakub” (ay.2) lan “mbucal misbyahe piyambak” (ay.7). Tundhanipun gesang sesambetan antawisipun Putri Sion kaliyan Gusti Allah lajeng bibrah. Sejatosipun menika pralambang kahanan lan risakipun Yerusalem ingkang dhumawah dhateng panguwaos Babil ing taun 586 SM. Dene miturut pamanggih gesang kapitadosan, menika kawiwitan amargi Bangsa Israel menika “banget anggone gawe dosa” (1:8).

Sak estu, boten gadhah sesambetan ingkang sae kaliyan Gusti Allah punika dadosaken gesang risak lan awrat. Menika boten namung dhateng gesang kita piyambak nanging ugi saged dhumawah ing tiyang sakkiwa tengen kita, utaminipun dhateng brayat kita. Ingkang nyata, upaminipun saking ayat 12. Kenging menapa lare alit dalah bayi kaserat kanthi trawaca? Kekalih paraga menika dados perangan saking brayat ingkang boten sumerep menapa-menapa ing babagan gesangipun tiyang sepuh, nanging kalepatan saking tiyang diwasa karaosaken dening lare alit dalah bayi.

Sanadyan menika pralambang, nanging saged kita bekta dhateng kawontenan Bulan Keluarga ing sasi menika. Gesang bebrayatan asring wonten pasemon “padu menika bumbu tiyang bebrayatan”. Nanging menika saged bekta kawontenan awon dhateng sesambetanipun warganing brayat manawi padudon dadosaken crah lan bubrah. Tundhanipun karaosaken dening sadaya warganing brayat. Lan betah wekdal dangu kangge mbangun dados endah malih. Manawi ing antawisipun brayat menika boten gesang rukun, iba kathah ingkang ngraosaken kasisahan dalah karisakan. Kanthi makaten, manawi boten purun wonten prakawis ingkang awrat lan awon tumrah ing brayat, gesang bebrayatan kedah rumaket kaliyan Gusti Allah.

Mangga sami mawas diri manawi ing brayat boten tuwuh sesambetan ingkang endah. Menika minangka kasunyatan ingkang kedah dipun akeni minangka kaluputan lan dipun leresaken. Waosan menika ugi dados sarana pangaken bilih brayat dados perangan ingkang wigati kangge gesangipun pasamuwan. Manawi para brayat ingkang katunggilaken pasamuwan sami rumaket, pasamuwan tamtu ugi gesang kebak pirukun. (WdK)

Bramantya tanpa guna, wicara miguna.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak