Bacaan: Lukas 11 : 14 – 28 | Pujian: KPJ. 136
Nats: “Saben krajan kang pecah, iku mesthi rusak, lan saben brayat kang wargane padha dredah, mesthi rusak.” (Ayat 17)
Wonten unen-unen ingkang mekaten “berkah iku bakal tumrah marang wong-wong kang bisa rukun”. Kanggenipun tiyang jawi, unen-unen menika boten namung dados falsafah apalan kemawon, ananging saestu dipun upadi sagedta dipun ugemi lan dipun tindhakaken sacara nyata wonten ing gesang padintenan. Bilih dipun raos-raosaken, pancen leres lan masuk akal bilih tiyang ingkang rukun, ing saklajengipun saged nyambut damel sesarengan matemah rejekinipun nggih sansaya tambah. Benten kaliyan tiyang ingkang asring nindhakaken laku serik, tukaran, lan cidra. Tiyang menika ewet saged nyambut damel sesarengan karana tiyang sanes ingkang badhe nyelaki kemawon sami ajrih.
Pramila, saestu leres bilih Gusti paring dhawuh: “Saben krajan kang pecah, iku mesthi rusak, lan saben brayat kang wargane padha dredah, mesthi rusak.” (ayat 17). Saking ayat menika mratelakaken bab karukunan pancen dados dhasar ingkang mligi tumrap para pandherekipun Gusti. Kawontenan krajan ingkang pangajeng-ngajengipun boten sami, saged dados ancaman tumrap krajan menika. Ing wusana krajan menika saged risak lan bubar. Mekaten ugi wonten ing satengah-tengahipun mangun gesang bebrayatan, bilih saben tiyang ing brayat boten saged gesang sarujuk, wusananipun brayat menika saged kecalan berkah-berkah saking Gusti Allah.
Gusti ngersakaken supados kita tansah saged sarujuk kaliyan Panjenenganipun. “Sing sapa ora nyarujuki Aku, iku nglawan marang Aku sarta sing sapa ora melu anggonKu nglumpukake, iku dadi mbuyarake.” (ayat 23). Kanthi sarujuk kaliyan Gusti, tegesipun kita tansah mangun gesang netepi pepaken lan angger-anggeripun Gusti dhateng kita. Kita tansah ngupaya karukunan ing brayat lan gesang kita, awit saking tumindak rukun menika kita nampeni berkah-berkah ingkang sampun kacawisaken dening Gusti Allah dhateng kita. Payo sami nindakaken karukunan ing gesang! (YEP)
“Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah”