Waosan: Ayub 37 : 1 – 13 | Pamuji: KPJ. 189 : 1, 3
Nats: “Gusti Allah damel supaya bisa nggayuh tujuane kagem nggebag isining bumine apa kagem mbabarake sih-susetyane.” (ayat 13).
Sinten ingkang remen ningali sulapan. Wonten tembung ingkang umum kaucapaken dening para pesulap, “Bim salabim”. Wonten ugi ingkang kagungan tembung ingkang khas, kados dene Pak Tarno, “Sim salabim, jadi apa prok…prok…prok”. Lajeng saking topinipun medhal manuk, kelinci lan kembang.
Juru Mazmur saestu kaeraman kaliyan Gusti Allah. Menawi para pesulap ngawontenaken maneka warna kanthi trik, ananging Gusti Allah anggenipun mranata donya saisinipun punika sarana kuwaosipun ingkang agung. Sedaya wonten ing astanipun. Menawi Gusti sampun ngandika, sedaya badhe kalaksanan. Dene sedaya ingkang kalampahan lan katindaaken dening Gusti ing alam donya menika ngemu maksud saha tujuan, antawisipun :
- Mboten wonten ing alam donya menika ingkang ngungkuli Gusti Allah. Gusti Allah nindakaken pakaryan agung ingkang mboten kagayuh dening manungsa (ayat 5). Menika ngetingalaken bilih Gusti Allah menika Maha Kuwasa tan kenging jinajagan. Mila manungsa kedah ajrih asih saha wanuh namung dhumateng Gusti Allah pribadi.
- Gusti Allah nindakaken pakaryanipun awit karana Sih Kasetyanipun (ayat 13). Gusti Allah sampun janji badhe mberkahi sedaya umat manungsa ingkang ajrih asih saha wanuh kaliyan Gusti. Gusti Allah tansah netepi menapa ingkang dados janjinipun menika.
- Saking ayat 13 ing tembung kangge nggebag, nedahaken bilih katresnanipun Gusti mboten namung awujud perkawis ingkang ngremenaken, mbingahaken. Kala mangsanipun awujud tantangan, pergumulan malah ugi kasangsaran. Menika dados pepeling tumrap manungsa, menapa ingkang sampun dipun lampahi.
Gusti Allah ngandika lumantar sedaya prastawa saha pakaryanipun. Gusti Allah saged nindakaken pakaryan engkang ngedap-edapi ing gesang kita. Mangga dipun galih kanthi saestu. Gusti dhawuh menapa saking prastawa gesang kita saha saking kahananing donya samenika? Gusti nembe nggebug menapa saweg ngelus-elus kita ing satengah katresnanipun. Mugi kita tansah mengertosi lan ngraosaken pakaryanipun Gusti Allah dhateng kita. (PKS)
“Digebug utawa dielus-elus Gusti, kabeh kangge kasaenan kita!”