Waosan: Yesaya 65 : 17 – 25 | Pamuji: KPJ. 429
Nats: “Awitdene lah Ingsun nitahake langit kang anyar lan bumi kang anyar; bab-bab kang biyen ora bakal dielingi maneh, lan ora bakal tuwuh maneh ing sajroning ati.” (Ayat 17).
Ing jaman samangke kathah sanget kemajenganing pirantos pawartos, kados email, youtube, facebook, instagram, Whatsapp, lsp. Sadaya menika tamtu kanugrahanipun Gusti Allah dhateng manungsa. Kita saos sokur dene srana pirantos menika kita saged kanthi gampil pados lan pikantuk kabar lan pawartos bab menapaa kemawon. Emanipun, kathah tiyang ingkang migunakaken pirantos sae menika kangge mawartosaken kabar hoax utawi kabar apus-apus. Kabar hoax menika saged njalari tiyang kecélék, kapusan, sisah, dredah ngantos pasulayan ingkang murugaken pepejah. Temah sinten ingkang ndamel kabar hoax dipun tangkep lan dipun pidana.
Nabi Yesaya dipun paringi kabar ingkang sae sanget dening Gusti Allah. Panjenenganipun kapiji dening Gusti Allah kinen mawartosaken kabar sae menika dhateng umatipun Allah. Kabar ingkang kawartosaken dening nabi Yesaya menika kabar ingkang sae sanget saking Allah, kabar ingkang nentremaken, ngayemaken manah, ingkang nyegeraken penggalih sarta mbingahaken. Kawartosaken bilih Gusti Allah nitahaken langit lan bumi enggal, umatipun badhe mbangun pigesangan ingkang utami, sato kewan lan manungsa sami gesang sesarengan ing salebeting karukunan lan katentreman. Kabar sae menika kawartosaken dhateng umatipun ingkang nembe kemawon wangsul saking panandhang kasangsaran awit pambuwangan ing tanah Babil.
Kados dene Yesaya, kita katimbalan mawartosaken kabar ingkang sae dhateng sadaya tiyang. Mangga ngginakaken pirantos pawartos -kados email, youtube, facebook, instagram, WhatsApp, lsp. kangge mawartosaken agung lan mulyaning sih katresnan, pakaryan, pangwaos lan karsanipun Gusti Allah dhateng sadaya tiyang. Kita saged nglajengaken kabar sae saking tiyang sanes dhateng tiyang sanesipun malih. Nanging sampun ngantos kita ngabaraken pawartos hoax dhateng tiyang sanes. Ingkang menika, kita prelu waspada lan apitaken -menawi boten mangertos- menapa kabar ingkang kita tampi utawi tingali menika hoax menapa asli. Gusti mitulungi. (st)
“Pawarta becik iku nentremake, kabar hoax iku mbilaeni.”