Waosan: Dhaniel 6 : 1 – 28 | Pamuji: KPJ. 368
Nats: “Allahira kang sira sembah kalawan mantep iku muga karsaa ngluwari sira!” (Ayat 17b)
Gesang ing satengahing masyarakat ingkang maneka warni punika kados dene ngronce sekar ingkang warni-warni dados setunggal reroncen ingkang sae. Karukunan lan keharmonisan mboten saged tuwuh piyambak, nanging kedah dipun budidaya kanthi raos asah, asih, asuh ing antawisipun warganing masyarakat. Kita mapan ing negari ingkang nggadhahi kathah prabeda, wiwit saking suku, basa, ngantos kapitadosan, nanging sadaya punika saged dados kakiyatan menawi kita nengenaken paseduluran. Nalika kita saged nampi prabeda kanthi tinarbuka lan nindakaken kuwajiban kita kanthi jujur, gesang ayem tentrem mesthi saged kelampahan. Gesang harmonis punika mujudaken dhasar ingkang kiyat kangge mbangun bangsa, ing pundi saben warga rumaos dipun ayomi lan dipun ajeni drajatipun minangka manungsa sawetahipun.
Saking Kitab Dhaniel 6:1–28, kita saged sinau saking Dhaniel ingkang gesang ing tanah pambuwangan Babel. Sanadyan Dhaniel punika tiyang Yehuda lan nggadhahi kapitadosan ingkang benten, piyambakipun tetep saged makarya kanthi sae, lelados dhateng Prabu Dharius. Nanging, karana kasetyanipun dhumateng Gusti Allah, ndadosaken piyambakipun dipun sengiti kaliyan para pejabat sanesipun, ngantos piyambakipun dipun lebetaken ing guwa singa amargi mboten purun nyembah brahala. Ing ngriki katingal bilih Gusti Allah mboten nilaraken abdinipun ingkang setya. Malaikatipun dipun utus njagi Dhaniel saking singa-singa kalawau, minangka bukti bilih panguwaosipun Gusti Allah ngungkuli sadaya rancangan awon manungsa lan saged paring kawilujengan ing satengahing kahanan ingkang mbebayani.
Minangka perangan saking bangsa lan pasamuwan, ing sasi ekumene punika kita dipun ajak nggadhahi watak kados Daniel: tetep setya dhateng jati dhiri iman kita, ugi tetep dados berkah ing pundi kemawon kita dipun papanaken. Kita kedah wantun nindakaken kayekten lan njagi karukunan ing satengahing tantangan jaman modern punika. Sumangga kita wangun pasrawungan ingkang tinarbuka kaliyan sedherek sanes tanpa nilaraken dhasar kapitadosan kita dhumateng Gusti Yesus. Kanthi integritas ing papan panyambut damel lan raos tresna dhumateng sesami, mangga kita mujudaken pepadhang ingkang gesang punika. Awit nalika kita setya dhumateng Gusti, kita saged dados piranti, kagem mujudaken tentrem rahayu wonten ing bumi punika. Amin. [YEP].
“Aja pisan-pisan nyemplung kali yen durung yakin bisa nglangi!”