Waosan: Pangentasan 30 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 202 : 1, 2
Nats: ”….. iku prakara kang suci pinunjul kagem Pangeran Yehuwah.” (Ayat 10c)
Tamtu kathah ing antawis kita ingkang samangsa alitipun dipun utus dening ibu blanja dhateng toko. Biasanipun ibu ngarsakaken supados kita tumbas brambang seprapat, bawang seprapat, lombok seprapat, lenga rong canthing, mrica, tumbar, micin, uyah, lan sapiturutipun. Kalawan detail sanget anggen ibu ngutus lan anak ingkang kautus tamtu kedah manut dhateng pesenipun ibunipun supados kabetahaning pawon saged kacekapan kalawan jangkep. Kepara malah ngantos ing samangke taksih wonten ibu-ibu ingkang ngutus putranipun supados blanja bab kabetahan punika. Manawi kabetahan punika sampun saged kacekapan sauntawis dinten, tamtu wonten raos ayem lan bingah awit sawanci-wanci badhe masak sampun boten bingung malih krana bumbunipun jangkep.
Ing waosan kita wanci punika ugi saweg nampi pangutusan ingkang detail sanget. Gusti Allah ngersakaken saprakawis ingkang kedah dipun rancang saha dipun tetepi dening umatipun. Saking saprakawis punika kathah prakawis ingkang detail. Para umat kedah manut sawetahipun, supados samudayanipun saged kacekapan kalawan jangkep lan dados prakawis ingkang suci pinunjul kagem Panjenenganipun. Sadaya punika katindakaken tamtu kanthi tujuan supados kaayeman, katentreman saha kabingahan saged sumrambah dhateng pribadi mbaka pribadinipun umat kagunganipun Gusti.
Kita tamtunipun ugi nampi timbalan nindakaken kathah prakawis ingkang detail ing sauruting lampah gesang kita. Contonipun, bab olah katresnan. Saking tembung katresnan, estunipun taksih kasuraosaken kathah prakawis ingkang langkung detail, inggih pangenget, pambiyantu, welas asih, pangapura, lsp. Anggen kita nindakaken sakathahing pangutusan ingkang detail punika inggih kedah kalawan manut sawetahipun dhumateng Gusti, boten saged ngeyang, supados jangkep kawontenaning tembung katresnan. Jangkeping katresnan punika saged katitik saking tuwuh lan sumrambahing ayem, tentrem, lan sukabingah. Pamanut kita anggen nindakaken prakawis ingkang detail, nedahaken bab tumemen kita anggen nindakaken prekawis ingkang ageng lan wigati. Sadaya punika minangka saprekawis ingkang suci pinunjul kagem Gusti. (aan)
”Sing sapa tumemen ing bab prakara kang sepele, iya tumemen ing bab prakara kang wigati”