Waosan: 1 Tesalonika 5 : 12 – 18 | Pamuji : KPJ. 345 : 1, 4
Nats: “Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu, awit iku kang dikarsakake dening Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus tumrap kowe.” (Ay. 18)
Wonten lare kalih kakang-adhi ingkang nggadhahi sipat engkang benten. Kakangipun sarwi nrimah dene adhinipun boten nate saged legawa tumrap sadhengah ingkang dipun tampeni. Manawi tiyang sepuhipun maringi hadiah ulang tahun umpanipun, sanadyan ingkang dipun paringaken dhateng kekalihipun sami nanging kangmasipun bingah dene rayinipun ngresula. Satunggaling wekdal, tiyang sepuh nedya nguji anakipun, anak ingkang alit dipun tumbasaken sepedhah dene ingkang ageng dipun tumbasaken tali-tampar. Punapa ingkang kedadosan? Adhinipun ngresula kanthi alasan werni-werni: modelipun kirang sae, keliripun kirang cecek lsp. Dene kakangipun bingah sanget lajeng clathu, “Hore saya dapat hadiah tali-tambang, kapan-kapan saya pasti diberi hadiah kuda”. Tumrap sok sintena ingkang berpikir positip tansah saged ningali kasaenan ing sadhengah prakawis.
Rasul Paulus paring pepenget supados para tiyang pitados ing Tesalonika tansah berpikir positip lan bertindak positip. Dhumateng para tiyang ingkang nyrempeng ing peladosan, nenuntun wonten ing patunggilanipun Gusti saha ingkang memerdi supados sami asunga pikurmat. Dhumateng para sadherek ingkang gesangipun boten tumata supados sami paring pitedah, ingkang alit manahipun dipun lipur, ingkang ringkih dipun belani, sabar dhateng sadaya tiyang. Boten kandeg dumugi samanten, dhumateng para tiyang ingkang damel piawon, boten pareng males awon nanging kedah tetep nandukaken kasaenan. Pepenget punika mokal sagedipun kawujudaken manawi tiyang boten nggadhahi prinsip berpikir positip utawi tansah ningali bab ingkang sae ing sadhengah kawontenan. Kados dhawuh ing ayat 16 lan 17, “Tansah padha bungaha. Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu …”.
Tamtu boten gampil nglampahi pitedahipun Rasul Paulus punika wonten ing gesang sadinten-dinten. Punapa malih yen namung ngandelaken kakiyatanipun piyambak lan namung remen ningali kakirangan saha kalepatanipun tiyang sanes. Mangga kita tansah bingah saha ngunjukaken panuwun ing samukawis ingkang pinanggih. Lajeng kita saged ugi nandukaken kasaenan dhateng tiyang sae lan tiyang ingkang dipun anggep boten sae. Mekatena kita sregep dedonga, temah kita saged mandeng Gusti Yesus tuwin ngestoaken dhawuh pangandikanipun. (Esje)
“Saged males tresna dhateng sadhengah tiyang punika biasa, remen males awon punika luar biasa”