Waosan : Wahyu 16 : 8 – 21 | Pamuji : KPJ. 188 : 1, 2
Nats: “Wruhanira, Ingsun rawuh kaya maling. Rahayu, wong kang jumaga lan kang ngrumat sandhangane, supaya anggone lumaku aja nganti kalawan wuda lan katon kawirangane”. (Ay.15)
Wonten paribasa ingkang mekaten: “Sedya payung sadurunge udan.” Tujuan paribasa punika supados kita tansah waspada. Kita saged nindakaken tumindak antisipatif bab prekawis-prekawis ingkang badhe kalampahan ing gesang kita. Sanajan ta prakawis punapa ingkang badhe kadadosan taksih dereng kita mangertos sacara pasti, karana ingkang badhe kelampahan punika misteri.
Rasul Yokanan dipun bucal dhateng Pulau Patmos. Ing saklebeting pulau pangawulan punika, piyambakipun nampi paningalan saking Gusti Allah. Badhe wonten titi wancinipun, sedaya ingkang awon, ala, murugaken kasangsaran lan panandhang tumrap manungsa, badhe sirna. Nalika umat ingkang kedah nyembah dhateng Kaisar lan boten purun nindakaken prekawis punika, saged kemawon katumpes, kecalan nyawanipun. Ananging kanggenipun para umat ingkang setya dhumateng Gusti, kaadilan badhe dipun tampi. Sanajan ta nglampahi gesang kanthi kebak kasangsaran, wusananipun nampi tentrem rahayu. Pangandikan rasul Yokanan estu ngiyataken umatipun Gusti ing Roma. Para umat kaemutaken supados tansah jumaga, waspada mapag rawuhipun Gusti Yesus. Umat kedah damel rasukan ingkang sae, inggih punika gesang ingkang suci, sikap jumaga, lan waspada. Sampun ngantos tinemu wuda, inggih punika gesang sacara tata lami, kebak dosa lan boten waspada mapag rawuhipun Gusti.
Bapak, ibu, lan para sadherek kinasih, kados ta tentara ingkang saweg perang kedah jumaga, manawi lena, piyambakipun ingkang badhe kabedhil rumiyin dening mungsuh lan wusananipun tilar donya. Pramila mangga kita sami njagi manah kita, iman kita supados boten kendho/nglokro ing Sang Kristus. “Rasukan ingkang sae” tansah kita agem, inggih punika gesang ing kasucen, miturut karsa-Nipun sarta waspada. Mekatena ugi inggih kados payung ingkang tansah kita cawisaken mapag duginipun jawah, inggih punika dinten rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih. Amin. (YEW).
“Sampun ngantos kita lena, ananging tansah waspada lan jumaga.”