Waosan : Yesaya 43 : 1 – 7 | Pamuji : KPK. 132
Nats: “Ing sarehne sira iku aji ana ing paningalingSun tuwin mulya, …” (ayat 4a)
Salah satunggal jendral saking Amerika Serikat, asmanipun Jendral Douglas MacArthur nate ndedonga kados makaten : (“punika terjemahan bebas mawi basa Jawi”)
“Dhuh Gusti, kula nyuwun supados para putra kawula sampun dipunbekta dhateng margi lan kawontenan ingkang gampil, nanging sageda kabekta ing margi ingkang rumpil, awrat lan ewet”
Kadosipun aneh, nanging lumantar pandonga punika Jendral MacArthur kagungan pangangkah supados para anem gadhah tekad lan semangat makarya ingkang tekun, tumemen lan boten gampil nglokro. Punapa malih wekdal pepanggihan kaliyan kawontenan ingkang boten sekeca lan kathah rubeda. Pandonga punika kadosipun cundhuk kaliyan kawontenan jaman sakpunika. Kadosipun sadaya sampun langkung gampil. Malah kanthi piranti Smartphone sadaya saged karengkuh.
Kawontenanipun Israel sampun boten setya dumateng Gusti Allah. Senajan mekaten, Gusti Allah tansah makarya paring karahayon dhateng Israel. Ayat 2 nyebataken, kawontenaning gesangipun Israel minangka umat kagunganipun Gusti nampi panebusan. Nanging kahanan punika boten ndadosaken sadaya sarwa gumampang. Sampun ngantos lena. Amargi manawi bangsa Israel lajeng tinarbuka dhateng timbalan pakaryanipun Gusti Allah, Israel boten pareng namung mendel kemawon. Cundhuk kaliyan pandonganipun Jendral MacArthur, Bangsa Israel boten angsal lena. Nanging kedah waspada lan makarya. Wiwit ayat kaping 8 dipun serat bilih Israel kedah dados seksinipun Pangeran Yehuwah. Israel boten namung nampi prakawis ingkang sekeca nanging wonten prakawis ingkang kedah dipun tindakaken.
Sasi Agustus punika, kita sami lumebet ing pahargyan Kamardikan bangsa Indonesia. Sadaya kahanan ingkang sae ing bangsa punika, mawujud amargi wonten paraga ingkang nglampahi ayahan padamelan mbangun bangsa. Sadaya boten sarwa cumepak lan kepenak. Kita ugi kedah cancut taliwanda ing pakaryan kangge bangsa kita punika. Sampun ngantos kita namung ngraosaken kamardikan, nanging lajeng kesupen tanggel jawab kita. Lan kados dene Gusti Allah ingkang makarya kanthi tumemen. Kita ugi dipun timbali makarya nyengkuyung kamardikan bangsa kita punika kanthi sak estu. (WdK)
“Aja Lena. Ayo makarya!”