Ngadepi Perkawis Kanthi Sabar Renungan Harian 1 Agustus 2020

1 August 2020

Waosan : Jabur  17 : 1 – 7   │    Pamuji :  KPJ.  343 : 2
Nats
: “Mugi Paduka karsaa ngatingalaken sih-rahmat Paduka ingkang elok, Paduka ingkang ngluwari tiyang ingkang sami ngungsi dhateng ing pangaubaning asta Paduka ingkang tengen margi saking wontenipun para ingkang sami mbalela.”(Ay. 7)

Dipunsengiti, dipunrasani lan dipunpaido dening tiyang kalebet perkawis-perkawis ingkang mboten ngremenaken ing gesangipun manungsa. Karana ing batos punika tuwuh raos mangkel, ngresula lan saged ugi sumelang. Sanadyan toh sampun nindakaken kabecikan lan mratobat, tasih wonten kemawon tiyang ingkang mboten remen lan tasih kemawon madosi kalepatan kita. Raosipun gesang punika mboten saged ayem lan tentrem, kados-kados mboten wonten pangajeng-ngajeng malih. Perkawis-perkawis punika saged ndadosaken kathah tiyang lajeng kecalan raos sabar lan mboten saged ngemudheni diri, karana ing batosipun tuwuh raos pengen mbales dhateng sesami ingkang tumindak ala kalawau.

Kados dene ingkang dipunraosaken dening Prabu Dawud. Karana  kepengin dados tiyang ingkang mursid, Prabu Dawud lajeng mratobat lan nindakaken dhawuh pangandikanipun Gusti. Sanadyan toh sampun mratobat tasih kemawon dipunsengiti dening Saul lan tiyang kathah. Rumaos mboten dipunajeni dening Saul, Prabu Dawud mlanjeng sambat dhumateng Gusti Allah lan nyenyuwun supados Gusti Allah karsaa ngatingalaken sih-rahmatipun. Dawud nyuwun supados Saul lan tiyang kathah ingkang mboten remen kalian piyambakipun saged nyumerepi bilih Gusti punika adil, tansah nganthi lan maringi pangapura dhumateng tiyang ingkang saestu mratobat.

Ing wekdal punika mangga kita sami nuladha saking Prabu Dawud, ingkang tansah ngupadi dados tiyang mursid. Sanadyan asring kita mboten dipunremeni tiyang sanes, dipunsengiti, kita kedah saged ngemudheni diri lan mboten kecalan kesabaran. Kita tansah sumendhe ing Gusti karana pitados Gusti Allah ngayomi lan mitulungi kita. Pramila nalika kita ngadhepi tiyang kathah, kita kedah tatag karana maneka warni wewatekaning manungsa. Payo kita mbudidaya tumindak gesang ingkang sae dhateng sesami sinarengan kita tansah ndedonga dumateng Gusti Allah supados lampahing gesang kita namung wonten ing pranatanipun Gusti Allah piyambak. (Ry)

 “Mangga sami gladhi bab kasabaran ing gesang kita sadinten-dinten.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak