Waosan : Yesaya 41 : 8 – 10 | Pamuji : KPJ. 335 : 1, 2, 4
Nats: “… sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyatosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.” (Ay. 10)
“Dhe, suwe ora bali ngomah, saiki grejane dhewe wis apik ya? Manglingi! Bangunane megah, fasilitase uga jangkep, ana sound system lan AC sing anyes.” Ature Jono si bocah perantauan. “Le, greja kuwi lak tansaya suwe ya tambah maju, manut perkembangan jaman. Biyen ora perlu mic, saiki ora nganggo mic malah ora krungu. Biyen isih akeh wit gede-gede, sakiki wit-witane wes diganti bata lan semen. Hawane dadi sumuk, mulane dipasangsi AC. Apa meneh saiki wargane uga tambah. Greja kuwi uga tuwuh ngrembaka miturut kahananan jaman.” Pakdhe ngandika.
Greja kita punika patunggilanipun tiyang ingkang sami pitados ing Gusti lan tinimbalan makarya ing satengaihing alam donya. Pramila bilih kawontenan donya punika ngalami ewah-ewahan, greja inggih kenging dampakipun. Mobah-mosiking jagad ingkang kados pundi mawon, kedah saged dipunwangsuli greja kanthi pas, leres lan bener. Punika proses kadiwasan iman ingkang tansah lumampah lan gampil kesusupan raos ajrih lah kuwatos. Sinaosa mekaten, greja mboten saged nilar kodratipun minangka patunggilan tiyang ingkang dipuntimbali Gusti. Greja kedah manut kaliyan karsanipun Gusti Allah ingkang sampun nimbali. Ing salebeting raos ajrih lan kuwatos, greja kedah tansah mbangun turut karsanipun Gusti Allah. Awit dhawuhipun, “… Sira iku abdiningSun, sira wus Sunpilih lan ora Sun tampik; Sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyatosakake, malah bakal mitulungi sira; …” (ayat 9b – 10a). Dhawuhipun Gusti tumrap bangsa Israel nalika wonten ing tanah pangawulan punika ugi katampi dening greja jaman sapunika. Mila bilih manut Gusti, greja mboten perlu ajrih lan kuatir.
“Siji maneh, Le. Saliyane kudu isa peka karo kahanan jaman kekinian, greja kuwi, ya awake dhewe iki, kudu mbangun miturut karsane Gusti Allah sing wis miji lan nimbali kita.” Pakdhe mungkasi. Amin. [jarwi]
“Gusti sampun nimbali, Gusti ingkang nyantosakaken”