Waosan : Jabur 89 : 1 – 4 | Pujian : KPJ. 212
Nats: “Dhuh Allah, sih-kawelasan Paduka badhé kawula kidungaken ing selaminipun, kasetyan Paduka badhé kawula cariyosaken tanpa kendhat.” (Ay. 2)
Nalika taksih anak-anak, mboten jarang kita nampi dongeng saking tiyang sepuh kita utawi saking simbah kakung-putri. Dongeng punika ngremenaken lan ndadosaken kita nggadah pangertosan. Dongeng punika asring nyariosaken bab cerita rakyat, silsilah keluarga, cerita fiksi, lsp. Nanging sejatosipun lumantar dongeng punika nggadahi pangajeng-ajeng sok sinten ingkang nampi dongeng nggadahi karemenan mirengaken lan nggadahi pengertosan bab dongeng kalawau. Langkung prayogi menawi dongeng punika dipun isi kaliyan cariyos bab kasaenanipun Gusti ugi lakon ingkang wonten Kitab Suci.
Juru Mazmur paring tuladha dumateng kita, bilih piyambakipun badhe nyariosaken bab kasaenanipun Gusti tanpa kendhat turun tumurun. Bab punika nedahaken bilih Juru Mazmur nresnani anak-turunipun, matemah anak-turunipun mboten katriwal lan tansah pitados bilih Gusti Allah punika, Gusti ingkang tanpa kendhat nresnani manungsa. Gusti ingkang tansah ngayomi manungsa. Gusti ingkang dados saka guru pigesanganipun manungsa. Karana punika kabar kabingahan bab Gusti mboten dipunkandek, ananging kedah dipunwartosaken utawi dipuncariyoaken turun-tumurun.
Ing wekdal punika, swawi kita purun martosaken lan nyariosaken bab kasaenan lan pakaryanipun Gusti dumateng para anak lan tedhak turun kita. Kita ingkang dados tiyang sepuh sami nyadari pentingipun nyariosaken kesaksian iman saking Kitab Suci dateng para anak kita, awit punika ingkang dados pondasi para anak kita pitados dumateng Gusti Allah. Dongeng punika sestu sae, nanging langkung prayogi menawi kita tansah nyariosaken bab Gusti Yesus lan pakaryanipun dumateng putra-putri, putu lan sedaya brayat kita. Punika wujudipun anggen kita nresnani kawontenan brayat kita, ingkang tansah kita emutaken bab Gusti ingkang nresnani kita. Matemah lelampahing pigesang kita mliginipun relasi bebrayatan lan pigesangipun tedhak-turun kita tansah celak lan rumaket kaliyan Gusti. Mugi Gusti Allah tansah paring kasagedan saha kawicaksanan dateng kita kangge nyariosaken kasaenan lan pakaryanipun. (Gfc)
“Remena andum cerita, cerita bab Gusti Sang Pamarta”