Kayektening Berkah Dalem Renungan Harian 17 Januari 2020

17 January 2020

Waosan :  Purwaning Dumadi 27 : 30 – 38    |  Pamuji  :  KPJ. 69 : 1, 2
Nats
: “…, nuli iya wus kelakon dakberkahi, mangka anggone kaberkahan iku mesthi tetep” (Ay. 33)

Tiyang gesang ing alam donya punika, asring boten badhe nolak rikala dipunparingi berkah dening Gusti kang Murbeng Dumadi. Malah kathah tiyang ingkang ngupadi kadospundi caranipun saged pikantuk berkah dalem punika, boten namung miturut piwucalipun Gusti piyambak. Kadosdene piyantun-piyantun ingkang kecepeng KPK (Komisi Pemberantasan Korupsi). Sakderengipun kecepeng KPK, rikala pikantuk bandha donya ingkang kathah nglangkungi biasanipun, menawi dipuntakeni tiyang tamtu wangsulanipun, puji syukur dumateng Gusti ingkang paring berkah kados mekaten. Rumaosipun caranipun pikantuk berkah wau sampun leres miturut kang paring berkah punika. Lha, sesampunipun kecepeng KPK, kita mastani berkah wau punapa saged kalebet kayektening berkah dalem?

Kita saged sinau bab kayektening berkah dalem saking waosan kitab suci dinten punika. Berkah ingkang diparingaken Rama Iskak dumateng Yakub punapa saged kalebet berkahing Gusti Allah ingkang sayekti? Menawi dipuntingali saking caranipun Yakub kanthi ngapusi Ramanipun, tamtu cara mekaten sanes cara ingkang cundhuk kaliyan piwucalipun Gusti piyambak. Kosokwangsulipun, menawi dipuntingali saking bagian ayat 33 ing nginggil, berkah dalem lumantar Rama Iskak sampun kelampahan lan anggenipun Yakub kaberkahan punika sampun tetep. Tegesipun Yakub sampun nampi kayektening berkah dalem sinaosa caranipun boten leres. Pramila ngantos jamanipun Gusti Yesus rawuh ing tedhak turunipun Rama Yakub, kayektening berkah dalem boten dados prekawis ingkang dadosaken lampahing gesang umat Israel  tansah cundhuk dumateng karsanipun Gusti.

Pasinaon punika ngengetaken dateng kita, bilih Gusti ingkang Maha Asih tansah maringaken berkahipun kang sayekti dumateng kita. Mangga kita tansah dedonga dateng Gusti, supados kita kaparingan kasagedan kangge nindakaken pendamelan utawi pakaryan ingkang leres. Mekaten ugi kanthi pakaryan ingkang kita tindakaken punika tansah nuwuhaken berkah-berkahipun Gusti ingkang sejatos kanthi cara ingkang leres. Mugi Gusti paring pangertosan kangge kita ngupaya margining berkah ingkang leres. (tes)

“Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak