Stop Kolusi! Renungan Harian 31 Agustus 2019

31 August 2019

Waosan :  Matius 20 : 20 – 28 | Pamuji  : KPJ. 92  : 1,3
Nats: Ature wong wadon iku, “Gusti mugi ndhawuhaken supados anak kawula kekalih punika mbenjing sami linggiha ingkang satunggal wonten ing tengen lan satungalipun ing kiwa Panjenengan wonten ing Kraton Panjenengan” (ayat 21)

Saben tiyang tamtu gadhah pangajeng-ajang supados saget gesang kanthi mulya: tansah kinormatan, tansah kaluberan, tansah kapuja-puji, lsp. Nanging, kasunyatanipun kathah tiyang ingkang boten karsa ngraosaken susah kangge ngupadi kamulyan menika. Kamangka, kamulyan namung saged dipuntampi dening tiyang ingkang tansah ngupadi kanthi temen lan setya. Pramila, mawarna-warna perkawis dipuntindakaken supados enggal nampi kamulyan, sinaosa mawi cara ingkang awon.

Matius 20:20-28 ugi mratelaken perkawis ingkang sami. Ibunipun Yakobus lan Yohanes gadhah pangajeng-ajeng supados putranipun mangke saget nampi kalenggahan ingkang sae ing Kratonipun Swarga. Sang ibu nyuwun supados putranipun saged lenggah wonten ing tengen lan kiwanipun Gusti Yesus (ayat 21). Tegesipun, sang ibu ajeng-ajeng supados para putra kapiji dados murid ingkang dipuntresnani ngungkuli para murid lintunipun. Sabab, papan lenggahan (posisi) menika nedahaken status ingkang dipunsandhang dening tiyang.

Ananging Gusti Yesus boten kersa nampi panyuwunan menika, awit: [1] ingkang wenang nemtokaken kalenggahanipun manungsa ing Kratoning Swarga menika namung Gusti Allah Sang Rama (ayat 23) lan [2] saben manungsa ingkang ajeng-ajeng nampi kelenggahan utami kedah purun dados peladosipun tiyang sanes (ayat 26). Dados, Gusti Yesus boten kersa dipun ajak kolusi kaliyan ibunipun Yakobus lan Yohanes.

Menawi dipungatosaken, mbok bilih ing gesang kita ugi taksih asring nindakaken perkawis ingkang sami, kolusi, nindakaken “patunggilan awon” (persekongkolan) kaliyan tiyang sanes supados kita enggal nampi sedaya pangajeng-ajeng kita, tanpa ningali kasagetan (kemampuan) kita. Lan menggah sedaya tiyang ingkang kados mekaten, sejatosipun nedahaken bilih tiyang menika taksih dereng saget mardika (mandiri), dereng pitados kaliyan kasagedanipun piyambak. Kamangka, Gusti Allah sampun paring berkah kasagedan dateng para kagunganIpun.  (yulius).

Stop Kolusi, Payo padha Mardika!!!

Renungan Harian

Renungan Harian Anak