Ora Ewah Gingsir Renungan Harian 1 September 2019

1 September 2019

Waosan  :  Ibrani 13 : 1 – 8   |   Pamuji :  KPJ. 74
Nats: 
“Gusti Yesus Kristus iku dek wingi apadene ing dina iki sarta ing salawas-lawase tetep ora ewah gingsir.” (ayat 8)

Ing alam donya punika mboten wonten ingkang langgeng. Sedaya sami ewah gingsir. Bumi ingkang kita panggeni punika umpaminipun, ngalami ewah gingsir. Miturut majalah Science gunung Kilauea ing Hawai ingkang njeblug ing tahun 2018 dados ingkang paling ageng ing salebeting 200 taun. Pungkasanipun April ngatos wiwitaning Agustus, gunung berapi Hawaii punika ngedalaken lahar lan nutupi 13,7 mil²  lan ngobong Pulau Besar Hawaii. Pungkasanipun lava gunung berapi Kilauea dados pulau ingkang enggal.

Mekaten ugi kawontenaning badan kita. Cobi kita gatosaken badan kita. Rumiyin badan kita kiyat, nanging sang saya dangu sangsaya ringkih. Barang darbe kita ugi mekaten, Handphone umpaminipun. Rumiyin ketingal modern lan canggih sanget, nanging samangke ketingal jadul. Kita ugi mboten namung ngraosaken kesuksesan lan kabingahan, nanging kita ugi ngraosaken kegagalan lan kasisahan. Saestu mboten wonten ingkang langgeng, sedaya sami ewah gingsir.

Anggen kita sami nglampahi gesang, pancen kaadepaken dening sedaya perkawis  ingkang ewah gingsir. Lajeng kados pundhi tanggepan kita? Punapa kita badhe semplah lan nglokro?

Perkawis punika sampun ngantos dadosaken kita semplah lan nglokro. Punika kasunyatan, kita mboten saged selak. Nanging ingkang ngiyataken kita, inggih punika: taksih wonten ingkang mboten ewah gingsir, inggih punika Gusti Yesus Kristus. “Gusti Yesus Kristus iku dek wingi apadene ing dina iki sarta ing salawas-lawase tetep ora ewah gingsir” (ayat 8). Mboten wonten kekiyatan sanes ingkang saged ngawonaken Gusti Yesus Kristus. Panjenenganipun tansah saged dados sumbering kekiyatan lan kawilujengan kita. Langkung-langkung anggen kita ngadepi kawontenaning gesang ingkang ewah gingsir punika. Namung Gusti Yesus Kristus ingkang saged mitulungi kita. Amin. (SWT).

“Ewah gingsir sabarang ing donya, nanging Paduka tansah nunggil kula”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak