Tinunggil Ing Rohipun Sang Kristus Renungan Harian 25 Juni 2019

25 June 2019

Waosan : Efesus 2 : 11 – 22 | Pamuji : KPJ 144
Nats : “awit iya saka Panjenengané iku kita sakaroné ana ing Roh siji padha olèh dalan marang ing ngarsané Sang Rama”. [ayat 18]

Ing jaman digital ingkang sarwa canggih punika, sejatosipun boten wonten jarak malih ing salebeting sesambetan antawis manungsa. Sampun cumawis sarana-sarana canggih ingkang ndadosaken samukawis ing tebih kraos celak. Ananging, pranyata piranti-piranti canggih ing jaman samangké ugi saged ndadosaken ingkang celak dados kraos tebih. Tiyang saged wicantenan aben-ajeng kaliyan sedhèrèk ing manca sarana handphone. Nging amargi handphone ugi, tiyang ingkang lenggah jèjèr saged kados tiyang satru, boten mangun pirembagan babar blas.

Seratipun Paulus, ingkang dados waosan kita punika sejatosipun ngèngetaken pasamuwan ing kutha Efesus ugi miguna tumrap kita, para tyang pitados ing jaman samangké. Ing serat punika ngèngetaken bilih inggih amargi Sang Kristus Yesus, Gusti kita ingkang sampun karsa ngurbanaken sarira, nandhang sangsara ngantos séda sinalib, inggih amargi punika kita tampi lan nggadhahi pangajeng-ajeng adi.

Suwaunipun manungsa punika (klebet kita) boten badhé manggihaken margi dhateng Gusti Allah, awit agenging dosanipun. Ananging inggih amargi Sang Kristus, kita manggih margi ingkang nunggilaken kaliyan Gusti Allah. Ingkang ndados kita péranganing brayat agengipun Gusti Allah. Sepisan malih sedaya punika inggih amargi Sang Kristus; amargi sédaNipun, amargi rah-Ipun lan Rohipun Sang Kristus Yesus, Gusti kita.

Bènten kaliyan teknologi canggih ingkang saged nyelakaken nging ugi saget nebihaken, menawi Sang Kristus namung nyelakaken. Inggih punika nyelakaken ingkang rumiyin tebih lan nunggilaken kaliyan Gusti Allah. Menawi Sang Kristus sampun karsa nyelakaken lan nunggilaken klayan rah lan Rohipun, prayogi menawi kita boten nebih lan uwal saking patunggilanipun Sang Kristus. [wn]

“Rahayu kang ngudi patunggilan kaliyan Sang Kristus lan pepadha” (bdk. 1 Korinta 1 : 9)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak