Kanca Renungan Harian 27 Mei 2019

27 May 2019

Waosan : 1 Babad 12 : 16 – 22 | Pamuji : KPJ 425 : 1, 2, 4
Nats : “….Manawa anggonmu padha marani aku iki kanthi sedya kang becik, arep mbiyantu aku, aku bakal saeka-praya kalawan kowe kabeh…”[ayat 17b]

Mencari teman memang mudah
Pabila untuk teman suka
Mencari teman tidak mudah
Pabila untuk teman duka
Banyak teman di meja makan
Teman waktu kita jaya
Tetapi di pintu penjara
Di sana teman tiada
(Rhoma Irama – Sahabat)

Pethikan lirik lelagon punika nggambaraken bilih estu gampil sanget kita nggadahi kanca nalika kahananipun bingahaken, kosok wangsulipun ing kahanan kang sisah kita malah ewed nggadahi kanca ingkang purun ndampingi. Kenging menapa? Awit sawetawis tiyang boten purun ngalami kahanan ingkang sisah, punapa malih katutan sisahipun tiyang sanes. Ananging menawi wonten tiyang ingkang kersa ndampingi malah purun cecawe ing salebeting krisis ingkang dipun adhepi, punika ingkang kawastanan sejatining kanca ingkang sae.

Prabu Daud nalika ing tlatah Ziklag ngalami kahanan sisah. Panjenenganipun kapeksa ngawula dhateng Prabu Akhis, Ratu ing Filistin. Panjenenganipun kapeksa nindakaken kaculikan, tumut perang belani Prabu Akhis nglawan bangsa Israel, bangsanipun piyambak. Kahananipun Prabu Daud saestu awrat, linangkung nalika bangsa Amalek nempuh Ziklag (1 Sam 30). Ing kahanan ingkang mekaten, Daud kabiyantu tiyang ingkang setya tuhu saha pitados dhumateng Gusti Allah (ay. 18). Tiyang kala wau nyarengi Prabu Daud kanthi gumolonging manah, setya tuhu, lan kebak kabingahan.

Sejatining kanca punika tiyang ingkang purun ngrencangi kita ing sauruting lampah senadyanta kahanan ingkang dipun adhepi punika estu sisah. Gusti Yesus punika dados mitra ingkang sejati ing gesang kita. Panjenenganipun prapta saha milujengaken gesang kita saking dosa lan kasisahan. Lajeng kados pundi kahanan kita? Punapa kita sampun dados kanca utawi mitra ingkang sae kagem sesami kita, ingkang purun ngrencangi senadyanta kahananipun sisah? [mojo]

“A friend in need is a friend indeed”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak