Waosan : Yeremia 50 : 17 – 20 | Pamuji : KPJ 240
Nats : “Ing wektu lan ing mangsa iku wong bakal nggoleki kaluputan Israel, nanging ora bisa nemokake, lan uga dosane Yehuda nanging iya ora ketemu, amarga Ingsun bakal maringi pangapura marang kekarene kang Sunparengake lestari urip” [ayat 20]
Sedaya tiyang gesang tamtu nate tumindak lepat salebeting gesangipun. Pitakenanipun : sak sampun tiyang punika sadar bilih piyambakipun lepat punapa ingkang dipun tindakaken? Sepisan tiyang punika rumaos getun lan nelangsani tumindak awonipun lajeng mratobat, janji boten badhe tumindak awon malih. Gesangipun dipun wastani gesang enggal karana sampun sadar lan tumindak gesangipun tansah nindakaken kasaean. Ingkang kaping kalih saged ugi tiyang punika boten berubah, tetep tumindak awon lan boten rumaos dosa. Bilih sampun mekaten ewet kangge tiyang menika berubah.
Nabi Yeremia ngaturaken nubuatan bab kahananing bangsa Israel. Ing nubuatanipun menika, Gusti Allah kersa ngetingalaken pangowaosipun. Bangsa Israel ingkang boten setya tuhu dateng Gusti Allah dipun ukum, kalah kaliyan bangsa Asyur lan bangsa Babel. Lajeng dipun bucal ing Babel. Senajan Gusti Allah duka dateng bangsa Israel, nanging Gusti Allah tetep setya tuhu lan tresna dateng umatipun Israel. Panjenenganipun kersa ngapunten kalepatan dan sedaya dosaning bangsa Israel. Bangsa Israel dipun tulungi lan dipun wangsulaken malih dateng tanah Kanaan. Gusti Allah kersa birat dosa-dosa bangsa Israel awit saking sih rahmatipun kang pinunjul lan katresnanipun dateng bangsa Israel.
Manungsa asring dawah ing dosa lan tumindak awon. Bilih sampun mekaten punika, temtu manungsa boten ngraosaken katentreman lan kaayeman ing gesangipun. Gusti Allah tansah nimbali kita supados purun mratobat. Sih rahmatipun tansah cumawis kangge kita ingkang setya tuhu ing ngarsanipun. Kados bangsa Israel ingkang dipun emutaken nabi Yeremia, Gusti Allah seged ngagem sinten kemawon kangge ngengetaken kalepatan gesang kita. Saged semah kita, sanak sederek kita, majelis pasamuan lan sanesipun. Mila saking punika swawi kita tansah emut dateng Gusti Alah ing sedaya lampah gesang kita. Monggo kita setya tuhu dateng Gusti awit sih rahmatipun dateng kita. [AR]
“Sih rahmating Gusti Allah punika tansah lestantun dateng manungsa”