Kula apa Kawula? Renungan Harian 29 April 2019

29 April 2019

Waosan : Ester 7 : 1 – 10 | Pamuji : KPJ 357
Nats : “Amargi kawula sampun sami kasade, inggih kawula, dalah bangsa kawula, badhe katumpes, kapejahan tuwin kasirnakaken.” [ayat 4a]

Wonten bocah kalih ingkang ulang tahun ing dinten ingkang sami. Bocah kekalih kalawau sami pikanthuk roti ulang tahun (tart). Bocah ingkang sepindah miwiti ngiris roti sarta dibagi dateng para kanca-kancane. Bocah niku lajeng nangis gumejer krana piyambake namung angsal roti sairis. Saklajengipun bocah ingkang sanes, ugi nindakaken kadosdene bocah kalawau. Bocah menika mboten nangis nanging malah mesem ngguyu, senaosa namung nyepeng roti sairis. Menapa ingkang benten saking bocah kalih menika? Bocah ingkang sepindah mentingaken sisa roti sairis lan rumaos kicalan. Ngatingalaken bilih bocah menika mentingaken dirinipun piyambak. Bocah ingkang sanesipun mentingaken roti ingkang kabagi. Piyambake rumaos bingah amargi saged ngraosaken kabingahan sesarengan kalian kanca-kancanipun.

Ing waosan kita, Ester minangka ratu mboten namung mentingaken dirinipun piyambak, nanging ugi tiyang Yahudi. Minangka ratu ingkang nggadah sesambetan ingkang celak kalian Sang Prabu, Ester mesthi saged nyuwun menapa kemawon. Sedaya panyuwunipun mesthi dipunwujudaken dening Sang Prabu (ay. 2). Wekdal menika Ester ngajengaken panyuwunan ingkang prayogi. Ing mangsa menika tiyangtiyang Yahudi ngalami kahanan ingkang awrat. Sedaya tiyang ingkang kalebet bangsa Yahudi badhe katumpes, kapejahan tuwin kasirnaaken dening Sang Haman (3:13). Kawontenanipun Ester minangka Sang Ratu mboten lajeng ninggalaken riwayatipun minangka tiyang Yahudi. Ing satengahing perkawis ingkang awrat, ratu Ester saged dados lantaran pitulungan kangge tiyang Yahudi. Kanyata perkawis awrat ingkang badhe dialami dening tiyang Yahudi sirna kagantosaken dening kawilujengan lan kabingahan.

Bilih kita kedah milih dados bocah ingkang kados ing wiwitan kalawau, kita milih dados bocah ingkang pundi? Pilihan kita menika, ngatingalaken kados pundi kita nglampahi pigesangan kita. Punapa kita kados bocah ingkang sepindah, ingkang namung menggalih dirinipun piyambak, utawi kita kados bocah sanesipun sarta kados Ester, ingkang tansah menggalih tiyang kathah. [TpJ]

Gesang iku dudu mung bab “KULA” nanging “KAWULA”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak