Waosan : 1 Samuel 17 : 31 – 54 | Pamuji : KPJ 35
Nats : “Sang Yehuwah ingkang sampun ngluwari kawula saking cengkeremanipun singa utawi bruwang punika, Panjenenganipun ugi badhe ngluwari kawula saking tanganipun tiyang Filisti punika…” [ayat 37]
Lumebet ing wiwitan taun 2019, sedaya pasamuan ing GKJW sami ngawontenaken kepyakan pinituwa lan diakening pasamuan. Wonten pinituwa utawi diaken ingkang lereh, wonten pinituwa lan diaken enggal gantosaken ingkang lereh kalawau. Saksampunipun kepyakan dipunlajengaken kaliyan pemilihan PHMJ lan BPMJ. Wonten ingkang siap nanging wonten ingkang ajrih boten saged nindakaken tugas ayahanipun kanthi sae. Pramila kangge pinituwa lan diaken enggal kedah dipunsemangati lan dipuntuntun supados saged sekedik-sekedik sinau bab tugas lan pendamelanipun makarya ing pasamuan. Ingkang penting tansah pitados bilih Gusti Yesus tansah nganthi, nulungi lan mberkahi peladosan ingkang katindakaken.
Waosan kita nyariosaken bab Prabu Saul ingkang ragu dateng Dawud anggenipun badhe majeng perang nglawan Goliat. Prabu Saul ragu karana ningali prawakan Dawud ingkang taksih enem, sanes prajurit ingkang siap perang. Saking ngriku Dawud lajeng matur, bilih piyambakipun minangka Juru angon menda sampun asring ngadepi bahaya, sampun nate nglawan singa lan bruwang nalika badhe mengsah mendanipun. Dawud tansah pitados bilih Gusti Allah tansah nunggil dan badhe paring pangluwaran nalika wonten bahaya. Dawud ngakeni bilih Gusti Allah langkung mahakuwaos tinimbang manungsa. Saking pengaken Dawud menika, Prabu Saul marengaken majeng perang nglawan Goliat.
Dawud dados tuladha kangge kita ing satengahing gesang ngadepi bahaya. Dawud yakin Gusti Allah makarya ing gesangipun, kita kedah yakin Gusti Allah makarya ing gesang kita. Boten wonten masalah ingkang ewet bilih kita pitados dan ngandelaken Gusti. Mila ing satengahing gesang lan peladosan kita, mangga sami kadasar kanthi iman. Kita temen anggen lelados lan makarya sarta tulus nindakaken peladosan kagem kaluhuran asmaning Gusti. [AR]
“Tiyang saged menang ing pacoben awit krana iman, temen lan tulus dateng Gusti”