Wus Rampung! Renungan Harian 19 April 2019

19 April 2019

Waosan : Yohanes 18 : 1 – 19 : 42 | Pamuji : KPJ 266 : 1
Nats : “….Gusti Yesus tumuli ngandika: “Wus rampung!”….” [ayat 19 : 30]

Lega raosipun dene kita saged ngrampungaken sedaya tugas lan tanggeljawab ingkang dipun pasrahaken dhateng kita. Ananging ing salebeting gesang sadinten-dinten, boten saben tiyang punika saged ngrampungaken tugas lan tanggeljawabipun kanthi tuntas. Nalika ngalami perkawis ingkang ewed, pepalang lan kasangsaran kedah dipun tempuh, para tiyang punika badhe kecalan semangat lan motivasi. Kados pundi kaliyan kita? Mangga kita sami nulada saking Gusti Yesus.

Gusti Yesus pirsa dene Panjenenganipun badhe seda. Sedanipun Gusti Yesus punika nandukaken bilih sedayanipun sampun rampung. Ing salebeting perikop punika, kasatan ingkang dipun alami dening Gusti Yesus punika salah satunggaling margi sangsara ingkang ditempuh. Linangkung nalika Gusti Yesus wicanten “aku ngelak”, para prajurit maringi Panjenenganipun kaliyan wadah kang kebak isi anggur kecut. Lajeng sakderengipun Gusti Yesus masrahaken gesangipun, Gusti Yesus sepisan malih wicanten mekaten “wus rampung”. Tembung punika nandukaken bilih Gusti Yesus sampun netepi kanthi tuntas punapa ingkang dados tugas lan tujuanipun ingkang dipun pasrahaken Sang Rama dhumateng Gusti Yesus. Margi Salib ingkang kebak ing kasangsaran saged dipun telukaken awit Gusti Yesus tansah setya tuhu kaliyan tugas agung punika. Pangurbananipun ing kajeng salib dados salah satunggal bukti perjuanganipun Gusti Yesus ing salebeting nglampahi pakaryan ageng.

Tuladanipun Gusti Yesus sampun kabukti. Perjuanganipun ing kajeng salib nandukaken bilih Panjenenganipun saestu mbangun miturut lan setya tuhu nglampahi pakaryan ageng saking Sang Rama. Senadyanta pakaryan punika saestu awrat, ananging Gusti Yesus tetep nindakaken kanthi rekasa lan ngetog pakaryan ageng punika kanthi rampung lan tuntas. Awit sedayanipun punika minangka wujuding katresnan kangge umat kagunganipun supados uwal saking momotaning dosa lan pinanggih gesang langgeng. Sumangga kita nulada dhumateng Gusti Yesus, nindakaken pakaryan ageng kanthi setya tuhu, ngantos rampung kanthi tuntas lan nguwohake woh kang sae! [mojo]

“Obedient To God Is The Greatest Form Of Worship”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak