Anak Polah Bapa Kapradah Renungan Harian 31 Maret 2019

31 March 2019

Waosan : Lukas 15 : 1 – 3, 11b – 32 | Pamuji : KPJ 275
Nats : “Sabab anakku iki wis mati, urip maneh, wis ilang, ketemu. …. ” [ayat 24a]

Wonten paribasan “anak polah bapa kepradah” ingkang ngemu teges : menapa mawon kelakuanipun anak, tiyang sepuh badhe ndherek nanggung . Punapa kemawon ingkang dipunlampahi dening keng putra, tamtu tiyang sepuh badhe kenging imbasipun. Menawi wonten putra ingkang nakal mila badhe wonten pitakenan, “Putrane sapa to kok nakal eram?”. Menawi
wonten putra ingkang pinter, badhe wonten ingkang dhawuh “Lha pancen putranepakA. Layakpinter”.

Tiyang sepuh nggadhahi tanggel jawab ingkang ageng tumrap putranipun. Tamtu nggih mboten gampil. Menawi putranipun nakal, asring tiyang sepuh duka dhateng putranipun. Wonten ingkang namung dipundukani, wonten ingkang dipunjiwit, wonten ugi ingkang dipunceples ananging mboten wonten ingkang dipunsengiti. Kenging punapa? Karana tiyang sepuh nggadhahi katresnan ingkang ageng tumrap putranipun. Sasampunipun duka, kala-kala tiyang sepuh ngraosaken getun.

Makaten ugi sang rama ingkang wonten waosan dinten punika. Sanadjan putranipun ingkang ragil sampun tumindak ngliwati wates: nyuwun warisan, ngebreh-breh bandanipun kagem nguja pepinginanipun piyambak, nanging nalika putra ragil wangsul malih dhateng griya, dipunsambut kanthi sukarena. Katresnanipun sang rama mboten owah, katresnan ingkang ageng tumrap putra-putranipun.

Kados sang rama ingkang tansah nresnani putranipun, mekaten ugi Gusti Yesus tansah nresnani kita sedaya sanadjan ta kita asring tumindak lepat lan dosa, mboten manut karsanipun Gusti. “Anak polah bapa kepradah”. Karana kita tumindak dosa, Gusti Yesus ingkang nanggel sedayanipun. Gusti Yesus kersa seda sinalib kagem nebus sakathahing dosa kita, supados kita uwal saking paukuman pati ingkang langgeng. Punika dados wujuding katresnanipun Gusti tumrap kita sedaya para putra-putranipun ingkang dipunkasihi. Katresnanipun Gusti Yesus ingkang ageng punika ngemutaken kita supados saestu purun ngowahi gesang, nilar pepinginan piyambak ingkang murugaken dosa. Kita kedah mbangun miturut dhateng Gusti, supados katresnan ingkang sampun dipunparingaken Gusti dhateng kita mboten muspra. [cha]

“Anakmu gulawenthahen, temah bakal ndadekake ayeming atimu.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak